[caption id="attachment_199366" align="aligncenter" width="550" caption="ilustrasi dijupuk saka masterfile-ilustrasion.com"][/caption]
"Min, ndang lek adus. Ojo dolenan banyu ae, kesel mak'e lek nimbo!"
"Cik ta mak, cek lecik. Kocok...kocok...kocok...kocok..." saure Ndemin 1 karo ngosoki awake atek sabun.
Jam pitu isuk, Narti masak karo nyambi umbah-umbah nang pinggir sumur. Anak-anake, Ndemin 1 karo Ndemin 2 nang njero bak, adus.
"Yo ojo dibuaki banyune. Sumure garek sithik banyune, dieman-eman."
"Yo adus nang kali no lek entek, malah enak," saure Ndemin 1.
"Arek iki lek diomongi mesti nyauri," omonge Narti mangkel.
"Lha mocok meneng ae, ngko lak mak'e koyok wong edan omong dhewe."
Narti menteleng. Anake sing gedhe iku iso ae lek nyauri. Atine mbedodok tapi diempet lambene sing pingin terus ngomel. Akhire lambene maleh maju, mecucu. Ndemin 2 lungguh nang njero bak karo dolanan bebek-bebekane. Pas kate dientas bayi iku kroncalan, emoh.
"Kademen koen ngko," omonge Narti nang Ndemin 2.
Sing diangkat ora gelem, mbengok-mbengok jaluk didukno maneh. Akhire Narti ngalah, didukno maneh anake nomer loro iku. Eling masakane, Narti ndang-ndang mlayu nang pawon.
"Mamas cik, dek," omonge Ndemin 1 nang adike karo ngrujuk gundule adike.
Sing digrujuk glagepan ning terus ngguyu. Ngerti adike seneng dibaleni maneh karo Ndemin 1. Suwi-suwi Ndemin 2 ora kuat digrujuki karo mas'e, akhire arek iku nangis. Awake ndhredheg kademen. Krungu anake nangis, Narti mbalik maneh nang sumur karo ngomel-ngomel. Ndemin 2 dicandak, Ndemin 1 dipekso mentas.
Rada awan anak-anake wis ganteng kabeh, wis mangan. Ndemin 1 dolanan montor-montoran nang ngarep omah. Ndemin 2 turu. Narti nerusno lek ngramut omah. Paijo sing tas teka lungguh nang amben njero pawon. Mari nyruput wedang, wong lanang iku turu-turu.
"Lak reget ngunu iku klambimu, deloken ta!"
"Gak, gak popo."
"Gak popo yok opo, iku mbok usapno nang kaosmu ngunu kok ngomong gak popo. Mak'e sing kesel lek ngumbahi terus!"
Ndemin sing dolanan motor-motoran saka debog gedhang gluprut tlutuh. Ora golek gombal, tlutuhe diusap-usapno nang kaose. Krungu bojone bengok-bengok, Paijo tangi trus marani anak bojone nang ngarep omah. Ndemin 1 mecucu diomeli mak'e. Narti mecucu karo ngomeli anake.
"Mangan sik mak," omonge nang bojone.
"Mangan, omahe ae sik gurung beres kok. Malah ditambah-tambahi maneh," saure karo sik mecucu.
"Lha timbang stroke ngko. Mangan sik lak enak, ayo."
Paijo nyandak Ndemin 1, digendong. Masio mangkel Narti melu bojone mlebu pawon. Karo mecucu wong wedok iku mangan, sarapan.
"Enak?"
"Embuh!" saure Narti karo nerusno lek mamah sega.
Paijo mesam-mesem nyawang lambene bojone. Kesel, weteng kosong ancen garai emosi. Mari mangan Narti nerusno lek ngresiki omahe. Ndemin 1 wis turu mari ngombe susu. Paijo ngewangi bojone mepe klambi sing wis diumbah.
"Tak keplak ndasmu ngko! Diomongi wong tuwek gak tau dirungokno!"
Nang omah sebelah, Paini ngomeli Tomin sing gak gelem mberesi piringe mari mangan.
"Ngko ae mak, wes diceluki arek-arek kae lho," omonge Tomin.
"Kok mikir arek-arek, penting ndi karo ngewangi makmu?"
Tomin meneng. Arek cilik iku wis kudu mlayu ae. Kancane ngenteni nang ngarep omah. Disawang mak'e sing sik ngomel ae. Pas mak'e noleh, Tomin mlayu metu.
"Arek edan!" bengoke Paini ngerti anake wis ilang.
Mangkel karo anake, Paini nerusno lek ngomel. Saiki sing dadi sasaran bojone. Bojone sing kaet ae mulih kerjo, lagek mangan diomeli ngalor ngidul.
"Wong mangan kok mbok omeli ae mak...mak, opo yo enak ngene ki," omonge Pak'e Tomin.
"Gak enak yo wes. Opo rumangsane sampeyan aku yo enak ngene ki ngurusi anakmu karo omah. Kesel, mangan ati."
"Lek gak gelem ngurusi yo wes, leren kono. Timbang ngomel ae, ngrungokno thok ae kesel aku."
"Sampeyan ki opo ngerti penggawean omah, omong thok enak. Kerjo, mangan, turu, ngunu thok ngertimu."
"Lha lek gak kerjo opo oleh duit? Trus sing nukokno sandanganmu sopo? Wong njaluk mbarang-mbarang yo ditukokno ngunu lho, sik kurang opo maneh?"
"Mbarang-mbarang jare, lha aku njaluk sepeda montor gurung mbok tukokno ngunu. Dijanjeni thok, malese."
Pak'e Tomin nelehno piringe. Wis seminggu iki bojone njaluk sepeda motor. Sepeda motor siji nang omahe ora cukup jare, polahe kerep digawe dheweke kerjo. Paini njaluk ditukokno dhewe cek iso ngge ngeterno anake sekolah, iso dingge nang pasar.
"Wong numpak ae gurung iso ngunu kok njaluk, ngko lek nubruk malah ciloko," omonge nang bojone.
"Onok ae alasane. Lek gak gelem nukokno yo wes!"
Pak'e Tomin gèdhèk-gèdhèk.
"Aku emoh masak, aku emoh umbah-umbah, aku emoh nyapu, aku wegah..."
"Emoh njaluk duit?" saute Pak'e Tomin.
Paini meneng.
"Emoh tuku klambi?"
"Embuh! Pokoke aku emoh lapo-lapo lek gak mbok tukokno sepeda montor!"
Mari ngomong, Paini ngaleh. Wong wedok iku mangkel. Dheweke wis mbayangno lek sepeda montore anyar kate digowo mubeng-mubeng, dolan-dolan. Sayange mung iso mbayangno polahe ora ndang ditukokno karo bojone.
"Wong wedok kok nesu ae penggaweane. Yok opo gak kenek stroke lek ngunu terus," omonge Pak'e Tomin karo nerusno lek mangan.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H