Wiji lagek mlaku mulih saka pabrik. Biasane nuruti rel sepur ning sore iki ora. Dheweke lagek eling lek ono sing kate dituku. Pas lagek mlaku nang gang ora sengojo matane ndelok Diman sakbrebetan. Wong wedok iku langsung mandeg. Diematno arek lanang sing lagek numpak montor iku. Diman ora dhewe, nang mburine ono arek wedok.
Nang kamar Wiji sing biasane umek ketok meneng. Radione mati, lampu kamare dijarno peteng. Nang pabrik Wiji sing biasane sregep kerjo utowo mangan ketok aras-arasen. Sesasi Wiji Diman ora ketemu. Sesasi arek loro iku umek karo batine dhewe-dhewe.
"Tik, ngerti Wiji?" takone Diman pas akhire arek lanang iku moro nang kos e Wiji.
Tutik konco kos lan konco pabrike Wiji meneng ae.
"Ditakoni kok, bisu ta saiki?"
"Koen iku sing bisu!" saure Tutik kasar karo ngalih.
Diman akhire lungguh. Paling ngko diluk maneh Wiji metu, mari Magrib ngene iki biasane arek wedok iku nang teras ngenteni bakul lewat utowo metu golek mangan. Dienteni ono setengah jam ora metu-metu, akhire Diman ngadeg, dodok-dodok lawang.
"Lapo?" takone Sri, arek kos.
Diman mesem. Biasane yo ngerti nggoleki sopo kok ditakoni lapo.
"Gak nduwe receh," omonge Sri maneh.
"Hehehe...iso ae. Wiji onok?"