Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

TKW

22 Februari 2014   02:12 Diperbarui: 24 Juni 2015   01:35 262
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Terno..."

"Halah, dhewe kono lho. Tak enteni kene."

"Ngko digudoi lho aku," Wiji ngomong karo mecucu.

"Sopo sing gelem nggudo koen? Aman-aman."

Masio mangkel ning Wiji gelem ora gelem yo kudu budal. Kebelet nguyuh kaet mau, wis ora iso diempet. Dudu ora wani ning Wiji males karo arek-arek lanang sing senengane nyangkruk nang sanding kamar mandi.

"Hahahahaha! Hahahaha!" Wiji ngguyu jegagakan.

Diman nang sandinge mung nglirik sediluk. Arek lanang wedok iku lagek nonton ludruk nang THR.

"Hahaha....hahahha!" Wiji ngguyu maneh.

"Biyasa gak iso ta?"

"Haha...apane?" takone Wiji karo sik ngempet ngguyu.

"Lekmu ngguyu. Delok iku ditontoki wong-wong," omonge Diman.

Wiji nolah kiwo tengen. Raine langsung abang. Ludruk sing ditonton ancen lucu, ning luwih lucu maneh ndelok ngguyune Wiji.

"Lha yok opo? Mosok ngguyu kon ngempet?"

"Dalam hati lak iso."

"Emange sampeyan, kabeh-kabeh dibatin."

Wiji mecucu. Bengi iki wis ping pindo atine ketaton omongane Diman. Mulihe arek loro iku anteng-antengan alias ora omong-omongan.

"Ayo, kok malah meneng ae," omonge Wiji nang Diman sesuke pas arek loro iku kate metu mangan.

"Gak sido, nyegat ae," saure Diman.

"Jare pingin penyetan?"

"Gak, Tahu Tek ae."

Wiji nyawang raine Diman sing lungset kaya klambi ora tau disetriko. Arek wedok iku akhire lungguh. Mari nyegat Tahu Tek, mangan, Diman langsung mulih. Lek biasane mesam-mesam, bengi iki meneng ae. Wiji jelas ora trimo, opo maneh kaet wingi dijak gelut ae. Ditarik tangane Diman.

"Lapo?"

"Yo sampeyan iku sing lapo?" takone Wiji balik.

"Kate mulih, wis bengi."

"Emoh."

"Emoh yo wes."

Wiji mecucu. Dadane mbedodok.

"Lek gak seneng ki ngomong, ojo meneng ae tapi raine koyok ngunu. Mbencekno ngerti gak?"

Diman meneng. Arek lanang iku ancen meneng ning Wiji wis apal meneng enak karo ora enak.

"Lapo?" takone Wiji maneh.

"Gak lapo-lapo. Wes bengi."

Dipeksoo yo ora bakal ngomong, pikire Wiji. Wis gawan bayi.

"Lapo? Wedi isin mergo manganku akeh? Opo wedi aku jegagakan maneh? Opo?" tantange Wiji.

Diman meneng mung sakbrebet matane nyawang klambine Wiji.

"Klambi? Lapo klambiku? Macak ayu gak oleh? Keketaten? Opo kecringkrangen? Sesuk-sesuk aku dasteran ae lek metu karo sampeyan. Gak wedakan, gak usah sisiran. Bahno koyok wong edan," Wiji mulai ngomel.

"Wong wedok seneng macak yo lumrah. Ngene rodok seksi yo ngge sopo? Wong yo klamben, ora udo, sik pantes disawang uwong. Meneng diomong nesu. Mesam-mesem jare genit. Karepe sampeyan opo?"

Diman sik meneng.

"Aku tau nglarang sampeyan? Gak blas. Wes podho gedene jaremu, wes ngerti opo sing apik opo sing elek. Aku bareng koncoku mulih mbok nesoni. Sampeyan nggandeng cewek aku meneng ae. Ngunu iku yok opo perasaanmu?"

Wiji selot mbedodok. Kudu nangis ning diempet. Diman sik meneng.

"Isin, karo aku sing koyok ngene iki isin?"

"Yo wes."

"Opo sing yo wes?" takone Wiji.

"Mulih."

Pingine ngunu dicakot arek lanang nang ngarepe iku. Dicakoti sampek elek, sampek lego atine ning yo mung diempet karo Wiji. Diman sing mlaku mulih dijarno ae. Sesuke pirang-pirang dina Wiji ora ketemu Diman. Nang pabrik, nang kos atine Wiji ora tenang ning arek wedok iku meneng ae. Diman dhewe mbuh nang ndi ora tau ketok lan ngetok. Biasane ngunu yo ngko mecungul-mecungul dhewe ning iki beda.

Wiji lagek mlaku mulih saka pabrik. Biasane nuruti rel sepur ning sore iki ora. Dheweke lagek eling lek ono sing kate dituku. Pas lagek mlaku nang gang ora sengojo matane ndelok Diman sakbrebetan. Wong wedok iku langsung mandeg. Diematno arek lanang sing lagek numpak montor iku. Diman ora dhewe, nang mburine ono arek wedok.

Nang kamar Wiji sing biasane umek ketok meneng. Radione mati, lampu kamare dijarno peteng. Nang pabrik Wiji sing biasane sregep kerjo utowo mangan ketok aras-arasen. Sesasi Wiji Diman ora ketemu. Sesasi arek loro iku umek karo batine dhewe-dhewe.

"Tik, ngerti Wiji?" takone Diman pas akhire arek lanang iku moro nang kos e Wiji.

Tutik konco kos lan konco pabrike Wiji meneng ae.

"Ditakoni kok, bisu ta saiki?"

"Koen iku sing bisu!" saure Tutik kasar karo ngalih.

Diman akhire lungguh. Paling ngko diluk maneh Wiji metu, mari Magrib ngene iki biasane arek wedok iku nang teras ngenteni bakul lewat utowo metu golek mangan. Dienteni ono setengah jam ora metu-metu, akhire Diman ngadeg, dodok-dodok lawang.

"Lapo?" takone Sri, arek kos.

Diman mesem. Biasane yo ngerti nggoleki sopo kok ditakoni lapo.

"Gak nduwe receh," omonge Sri maneh.

"Hehehe...iso ae. Wiji onok?"

Sri menteleng. Diman sing disawang malih salah tingkah, bingung.

"Koen gak ngerti opo epok-epok gak ngerti?" takone Sri.

"Ngerti opo?" takone Diman.

Saiki ganti Sri sing bingung.

"Opo sih, ojo garai bingung ta. Wiji onok gak?"

"Man...Man, koen iki menungso opo boto sakjane."

Diman selot bingung.

"Wiji wes gak nang kene."

"Heh?" Diman sik bingung.

"Wiji wes lungo, dadi TKW."

"TKW?"

Bengi iku Diman mulih. sesasi ora ketemu mbareng diparani sing diparani wis adoh nang negara sebrang. Wis suwi Wiji ditawani dadi TKW karo koncone ning arek wedok iku ora gelem. Mari kedadean kapan iko karo Diman akhire wong wedok iku nekad budal. Wiji sik enom, sehat dadi cepet prosese. Wingi-wingi Diman dudu ora pingin dolan, wong lanang iku mikir Wiji sik nesu dadi dijarno ae.

Nang sebrang, jam sewelas bengi, Wiji sing kerjo nang majikan sing nduwe warung lagek korah-korah. Ora krasa luh netes nang pipine, nyebloki korah-korahane.

"Gusti, paringi kuat," batine.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun