"Adus-adus kono lek gak gelem mangan. Ambumu kecut koyok ngunu, yo mesti ditinggal pacarmu. Arek wedok ki sing resik, wangi, enak disawang. Wis kecut prengat-prengut ae yo garai males."
Krungu omongane bapake nambah sak senti maneh lambene Wiji lek maju. Lara ati malah diceramahi, batine.
"Arek wedok ki sing penting resikan, pinter masak, sregep, ngko lak akeh sing marani. Ngunu ae dadak gak doyan mangan barang, malah koen dewe sing rugi. Sing giras, sehat, seger ngko lak enak dewe atimu. Sesuk yo wes lali lek larane."
"Lek sing marani gak disenenge yok opo?" takone Wiji.
"Halah, kakean milih. Emakmu mbiyen tak parani yo langsung gelem. Nyatane saiki yo enak tho, seneng, masio biyen gak kenal."
"Yo mak'e terpaksa, gak wani karo embah."
"Jare sopo?" takone bapake.
Emake Wiji mung meneng ae.
"Aku lho ngerti emak mbiyen nduwe pacar sak gurunge pak'e lamar. Yo tho, mak? Aku lho dicritane Lik Yah."
Bapake Wiji meneng.
"Pacaran ngge opo, malah garai lara ati. Koyok koen saiki. Penting lak saiki. Lagian lek makmu nggak gelem karo pak'e koen yo gak onok saiki," saure bapake ora gelem kalah.