"Wou...arek kok."
Sik durung enak atine, Wiji nerusno lek mrengut. Disawang bapake sing ngenakno mangan. Masio luwe arek wedok iku males ndemok sego. Mari mangan, ndelok anake sing rupane sik njrungut, bapake Wiji gatel nakok.
"Koen iku lapo?"
Ora nyauri, Wiji malah selot mrengut. Emake sing wis mari karo urusane nang pawon akhire melu lungguh. Disawang ae wis ketok lek Wiji nurun bapake. Bapake sing wong etan lor ketok keras, banter omongane. Emake luwih kalem.
"Patah hati anakmu, pak," emake Wiji melu ngomong.
"Lha wingi kae lah uwis sih? Sik maneh?"
Wiji mecucu. Biyen pas dheweke sik cilik bapake mesti ngomong lek lambene iku kaya pitik kate nelek.
"Mangan kono lho, ngko lak enak atine."
"Yo gak kolu, lara ati kok kon mangan," saure Wiji.
"Halah, biasane yo ngentek-ngenteki ae."
Wiji mbenankno lek lungguh. Ati ora penak, awak melu ora penak.