"Dadi bojoku gelem wong ayu? Ora perlu kerjo maneh, eman-eman tanganmu sing alus iki."
Saiki Pak Lurah nyekeli tangane Wiji karo dielus-elus.
"Malah ora sehat lek meneng ae."
"Jare sopo? Lek dadi bojoku olahraga terus ben dino. Mesti iku."
Wiji mesem. Pak Lurah selot ora kuat ndelok esemane wong wedok sing digandrungi iku.
"Emoh," omonge Wiji karo nampek tangane lurah.
Lagi enak-enak guyonan, ora ngerti lek ana wong lanang mlebu warung. Ndelok Wiji karo Pak Lurah, wong lanang iku langsung abang raine.
"Oh kaya ngene polahmu lek tak tinggal kerjo? Ho oh?"
Wiji ngadeg, mbenakno klambine sing ora tata. Lurah sing mau mesam-mesem ndredeg.
"Sabar...sabar, Man..."
"Ora iso. Sampeyan wes wani kurang ajar karo bojoku, sampeyan kudu mati!"