"Ora usah dicathet, Mbak! Praktek langsung ae," kandhane Mira. Tangane nggowo tempeh sing langsung dibrukno ndik ngarepe Pandan.  "Iki bahane jangan lodeh. Ana kacang, terong, tahu gembos. Bumbune brambang, bawang, lombok abang, kunir, miri, laos, tumbar, godhong salam, jeruk purut." Tangane  nuding siji-siji bahan sing ana ndik tempeh.
Mripate Pandan langsung wae kumepyar. Dheweke nggumun, lha wong arepe masak jangan lodeh terong wae kok bahane sakmene akehe.
"Lho, sik Mbak, ana sing lali. Iki, cikalan digawe santen." Mira nambahi klopo separo. Ana esem sethithik ing pucuking bibire, sajake puas ngunu dhelok mbakyune sing koyok kaget. "Hm, rasakno. Lak ora weruh to yen masak iku penggawean ribet?" batine Mira.
Biyen, Bapak, mbagi tugas gawe anake sing ana papat. Sing mbarep, Arga tugase nimba kanggo ngiseni jeding lan gentong. Sing nomer loro Pandan, tugase resik-resik omah, nyapu lan ngepel. Mira, sing nomer telu tugase isah-isah. Sing nomer papat, Donadoni, ora kebagiyan tugas amarga lahire pas telung wulan sakwise Bapak sedo.
Sakjeke Ibu repot njahit, Mira genti sing masak. Dene Pandan mlebu pawon yen arep njupuk panganan thok. Yen dikongkon ngrewangi masak ana ae alasane. Wedi kenekan lading, wedi panas, lan lya-liyane.
"Walah kok malah nglamun, Mbak. Gek ndang dicandak. Kacange dipritili, terong dionceki. Iki tak rewangi ngonceki brambang, bawang. Sampeyan kari ngguleg ae. Diwenehi uyah sek ben gampang nggulege." Mira aweh perintah.
Sakjane Pandan iki yo wegah manut perintahe adhike iku. Nanging pesene Mas Baskoro sing lagi sakwulan kepungkur dadi sisihane, mekso dheweke belajar masak marang adhike.
"Basuki ketrima kuliah ndik Yogja, dadi Ibu dhewekan nang omah. Mas seneng banget yen sampeyan gelem ngancani ibu," kandhane Baskoro, seminggu kepungkur.
Pandan sajak mikir-mikir, sakjane dheweke yo ora keberatan urip beberengan karo marotuwo. Omahe maratuwo gedhe, kamare akeh lan luwih cedhek karo panggonane ngajar. Lha biyen iku ketemune karo Baskoro yo mergo kesasar. Pandan sing nalika iku ketrima ngajar ndik SMP keliru mlebu. Kudune mlebu ing rumah dinas kepala sekolah malah mlebu nang omahe Baskoro sing ana ing sebelahe.
Nanging krungu-krungu urip bareng maratuwo iku jarene ngeri-ngeri sedhap. Ana paribasan kaya ancik-ancik pucuking eri.