Sakjane ngunu omahku ora ana ing padesan, isih kutho nanging pinggiran. Yen arep nang sekolahan kudu numpak angkot oper pindo. Iku wae mangkate kudu gasik, amerga yen kawanen ora keduman angkot. Pak supire luwih seneng nggawa karyawan tinimbang pelajar sing ongkose mung separo.
Mangkane aku nderek Paklik sing omahe ana ing tengah kutho. Karomaneh yen budhal sekolah aku isa gonceng Bulik sing ngajare cedhak karo sekolahanku.
Paklik lan Bulik padha dadi guru. Paklik ngasta ing SMK, dening Bulik ngajar SMP. Kekarone podho sibuk, prei yen tanggal abang wae. Sanajan mangkono penggaweyan omah ora nate klendran. Lha wong saiki jaman praktis, arepe umbah-umbah yo ana mesin cuci, masak yo ora repot amarga akeh bumbu dadi.
Paklik iku wong e sregep, ana wae sing ditandangi yen wayah prei. Kaya dina Ahad wingi, wiwit isuk Paklik wes macak tukang. Piyambake nggawe kaos oblong endek dirangkepi kaos lengen dawa, nggawe topi ombo, clana training lan sepatu boots.
"Badhe ngasta ten pundi Kangmas?" takone Bulik karo ngempet ngguyu.
"Iku lho temboke wes akeh sing ngglontok cet-cetane, arep tak susruki, ben rata alus maneh," jawabe Paklik.
"Welah nopo saget?"
"Yo isa lah, tanggaku tukang kok."
Aku yo kudu ngguyu, duwe tangga tukang ae kok yo bangga men.
Bulik sing wes kadung salin arep senam, mangkat karo ngempet ngguyu, sajake ora percaya yen Paklik isa nukang.
"Masak jangan asem karo nggoreng bakwan jagung ae, Yen. Bahane wes ana ndik kulkas," ngunu pesene Bulik.