Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Dirabi Bajul Siluman

6 Juni 2014   15:10 Diperbarui: 20 Juni 2015   05:03 111
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sawetara sasi sabanjure, Joko methuk Tari nang omah wong tuwane, karepe arep diboyong sowan marang mertuwane ya wong tuwane Jaka Andela ana ing kedhung kali desa iku. Nanging Tari ora gelem kanthi pawadan amarga wong loro kuwi seje panggonan.

"Ya wis, yen sliramu ora gelem tak boyong menyang kraton, kumpul dadi sawiji karo Rama Ibu. Ning menawa dhiajeng ngersakake pepanggihan klawan pun kakang, tabuhen bedhug wae. Pun kakang bakal rawuh ana kene yayi pepujane pun kakang.

Nanging, amarga warga ing desane Tari sabeh wayah sembahyang padha nabuh bedhug, wusanane Jaka Andela nyambangi Tari sedina nganti ping lima. Dadi ing kali kasebut asring mecungul baya  pirang-pirang kang minangka para punggawane Jaka Andelo. Para warga kang meruhi baya pirang-pirang mecungul ing kali padha girap-girap mlayu bali omah, ora sida adus utawa umbah-umbah ana kali.

Wusana ing sawijine dina, Tari nglairake bayi saka wijine Jaka Andelo. Bayi kuwi edi pasuryane kaya dene bapake. Jaka Andelo kang ngerti menawa anake wis lair duwe kekarepan arep nggapa anake kuwi, diaturake marang wong tuwane sakloron kang mapan ana ing kedhunge kali.

"Kula mboten kawratan kangmas, menawi panjenengan badhe ngaturaken si jabang bayi punika wonten ing ngarsanipun eyange, namung kula nyuwun supados panjenengan mboten sisah rawuh malih wonten mriki supados para warga mboten sami ajrih mriksane bajul-bajul sami mecungul ing lepen sacelakipun mriki", ujare Tari kanthi trapsila nanging tandhes.

"Kaya ngono ya dhiajeng, ya wis yen kuwi pamundhutmu pun kakang bakal minangkani muga dadi lan apike bebrayan ing kene." ujare Jaka Andela kanthi ati kang rinujit-rujit.

Wusanane, sawise sapatemon kang pungkasan iku, saiki wis ora ana bajul utawa baya sing mecungul ana Kali Cimanceuri.

Cuthel

Sumber:

- Jarwan bebas saka situs ilmukesaktian.blogspot.com

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun