Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Dirabi Bajul Siluman

6 Juni 2014   15:10 Diperbarui: 20 Juni 2015   05:03 111
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Wusanane Tari diajak bojone nemoni maratuwane asli ana sabrang desa. Kawitane, wong loro mlaku runut kali Cimanceuri tumuju ing kedhung. Sadawaning dalan, Jaka nyaritakake menawa desa papane ibune iku panggonan kang nyenengake, wargane andhap asor, makmur lan sentosa.

Tari nganti mbayangake, menawa dheweke ana ing sawijining desa sing reja lan nyenengake. Nganti wusanane wong loro tekan ing sawijining desa sing gawe cingak tumrape Tari.

"Iki papan panggonane wong tuwaku.." ujare Jaka marang bojone iku.

Tari kamitenggengen, dheweke ora percaya menawa wis tekan papan kang dituju. Ing desa kuwi, katon menawa wargane rata-rata padha kecukupan. Omahe apik-apik, dicat putih resik.

"Lha sing ngendi daleme wong tuwane panjenengan kangmas?" pitakone Tari karo isih singunen.

"Sedhela maneh awake dhewe tekan!" jawab Joko.

Wong loro terus lumaku, sadawaning dalan-dalan wargane padha sapa aruh karo wong loro iku, racake padha guyub nyumadulur. Bocah-bocah padha playon turut ratan, racake kabeh padha seneng.

Jaka nggandheng bojone tumuju sawijining omah, nalika wis tekan njero wong loro kuwi dibagekake dening pawongan lanang wadon kang wis umur. Wong loro kuwi mratelakake minangka Bapa lan Ibune si Jaka Andela.

Tari ora patiya mudheng, apa wae sing katindakake dening bojone selawase ana kana, sing wigati selawase manggon ana kana dheweke betah banget, ngluwihi betahe anggon ana ing omahe dhewe. Nanging, suwe-suwe dheweke kelingan marang wong tuwane, saengga kepengin bali methuki wong tuwane. Nalika arep bali, dheweke ngajak bojone nanging ditampik dening bojone kanthi alesan bakal njaga kayuwanane wong tuwane.

Wusanane Tari mulih ijen wae, nalika dheweke mlaku tumeka ing pojok desa, kadadak tanpa kanyana dheweke langsung mentas saka kedhung kali Cimanceuri kanthi panganggo kang teles-kebes. Kaya ngapa cingake Tari marang kanyatan iki, kok bisa-bisane dheweke ana kedhung selawase iki. Wusanane Tari nembe eling, menawa bojone kuwi dudu salumrahe manungsa, nanging jinising lelembut kang manggon ana ing kedhung kali kono.

Sawise mulih menyang omahe, ing liya dina Tari nemone Sumi, ibune kuwalon di Jaka Andela. Dheweke kepengen nggenahake sapa ta sejatine bojone kuwi. Maune Sumi ya suwala, ning suwe-suwe dheweke trenyuh lan banjur crita mula bukane ketemu si Jaka Andelo lan banjur didaku dadi anake kuwalon, pek-pekan saka sedulure Sumi. Nganti gedhe lan dadi bojone si Sumi.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun