Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Dirabi Bajul Siluman

6 Juni 2014   15:10 Diperbarui: 20 Juni 2015   05:03 111
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

"Nami kula pun Jaka Andela!" ujare si bocah tumaruna iku kanthi trapsila.

Sabanjure, kanthi diaku minangka anake kuwalon saka sedulure, wusanane si Jaka Andela bisa ambyur ing warga desa kono. Malah gawe atine Sumi tambah mongkog, amarga pranyata si Jaka Andela disenengin wong akeh amarga olehe nggantheng lan gagah nanging ora kumalungkung, pranyata malah andhap asor menyang warga, utamane marang sing luwih tuwa.

Para kenya desa akeh sing seneng lan ketarik marang Jaka Andela, prasasat dheweke dadi kembang lambe ing antarane para kenya ing desa kuwi. Nanging saka sakehe prawan desa sing padha ketarik marang Jaka Andela, ana sawiji sing bisa ndadekake atine dadi dheg-dhegan, yaiku Tari. Salah sawijining kenya kang dadi kembang desa ana kono. Pranyata suwening-suwe wong loro padha dene ketaman asmara lan wusanane Jaka Andelo nyuwun marang Ibune supaya nembung marang wong tuwane Tari.

Ing dina sing wis ditemtokake, wusanane Jaka Andela sida ngrabi Tari kang sineksen dening wong tuwa lan kulawargane Tari, uga Sumi minangka mbok kuwalone Jaka Andela. Lan wiwit dina kuwi, Tari lan Jaka Andela urip bebarengan.

Ing sawijine dina, nalika wong loro padha jejagongan ijen ana ngomah, Jaka Andela celathu marang Tari.

"Dhiajeng, aku arep blaka suta marang sliramu oleh apa ora?" takone si Jaka.

"Inggih pikantuk kemawon ta kangmas, lha kula punika rak sanes sinten-sinten ta, kula punika rak garwa panjenengan kang werdinipun sigaraning nyawa. Dados sampun jamak lumrahiun menawi ta panjenengan blaka dhumateng kula...", ujare Tari teteh.

"Ngene ya yayi, sabenere kuwi kanjeng Ibu Sumi kuwi dudu ibuku.."

"Sanes ibunipun saestu? Lajeng, sinten ibunipun kangmas ingkang saestu?" pitakone Tari karo nlesih.

"Ibuku ana ing sabrang desa, sliramu kepengin nemoni wong tuwaku?" pitakone Jaka Andela ngemu teges.

"Lha injih makaten, kula kepengin kepanggih kaliyan Ibunipun kangmas tuwin ngaturaken pangabekti minangka putra mantunipun..." ujare Tari saya ndheseg.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun