Sumi dadi pekewuh dadakan, arep diumbar nang njero ngomah, dheweke wedi mengko yen lena malah didekep. Dheweke uga wedi yen tanggane dadi geger, meruhi dheweke ngopeni bajul. Menawa arep digawa menyang kali, dheweke wedi menawa bakal konangan tangga-tanggane sing nembe mangkat-mulih menyang kali. Mengko malah dirancak wong akeh, dienggo bancakan rame-rame.
Saking bingunge anggone nggagas, wusanane dheweke keturon ana cedhak lawang omahe. Esuke, tanpa nggagas warna-warna, Sumi gawe luwengan kang rada gedhe nang dhapur. Pamrihe kanggo gawe kolam banyu lan dheweke bakal mindhah bayane sing mundhak gedhe ana kono. Lumayan kanggo sauntara karo ngenteni mengko kepriye maneh kang bakal dumadi.
Ing sawijining wengi, nalikane si Sumi nembe wae keturon saking kesele ngurusi gaweyan ngomah lan uga anggone ngrumat baya kuwi. Dumadakan dheweke nglilir, kupinge kaya krungu swarane kecipaking banyu nang dhapur, kaya dene ana pawongan utawa kewan gedhe kang ambyur ing kolam. Wedi mbok menawa, baya ingon-ingonane diparani kanca-kancane apa nembe keluwen nganti ngamuk nang dhapur.
Sumi enggal-enggal mlayu, marani dhapur kang uga kanggo nyimpen baya open-openane. Dheg!! Kaya ngapa kagete Sumi, baya ingon-ingonane saiki malih dadi tambah gedhe, malah kolam sing biyasa kanggo kandhange dadi ora muat babar pisan. Baya kuwi kaya dene ngamuk, mlaku mrana-mrene karo nabrak-nabrak tembok omahe. Ndelalah bojone biyen anggone gawe omah cukup pengkuh, senajan mung omah gedheg nanging ngisore kagawe saka tumpukan watu kali. Saengga, senajan ta si baya mlaku karo nabrak-nabrak mrana-mrene ora dadi ngapa, mung marakake geter sajroning omah.
Sauntara iku, si baya isih mlaku-mlaku karo nabrak-nabrak mrana-mrene, saengga sisike padha gogrog. Sumi dadi keweden nekseni kedadeyan iku, menawa si baya dadi ngamuk lan banjur mangsa dheweke kepriye mengko dadine?
"Ngger... ana perkara apa ta, dene sliramu kok dadi ngamuk kaya ngene? Apa ta kaluputanku, saengga ndadekake sliramu dadi ngamuk kaya mangkene? Apuranen ibumu iki ya ngger, menawa wis gawe cuwaning atimu!" ujare Sumi karo ngrerintih.
Nanging, kaya-kayane omongane Sumi ora dipaelu dening si baya sing saiki mundhak gedhe. Dheweke tetep wae mlaku mrana-mrene karo nabrak-nabrakake awake ana tembok omahe Sumi. Sumi sing ndeleng sapari-polahe si baya tambah ndhrodhog kabeh nganti awake wel-welan. Nanging, saiki dheweke dadi cingak, amarga sang saya suwe sawise sakabehe sisike si baya kuwi mbrodhol, alon-alon ilang wujude minangka baya. Saiki malih maujud dadi sawijine bocah tumaruna kang nggantheng kanthi polatan kang tajem.
Seprana-seprene nganti umur telung puluh luwih, Sumi durung nate ngalami kaelokan kaya ngene. Saking cingake, awake nganti ora bisa obah, lambene blangkemen ora bisa celathu babar pisan. Nalikane wis sawetara suwe anggone nyawang kedadeyan kuwi, dheweke mulai eling. Sumi enggal-enggal kepengin metu saka ngomahe arep njaluk tulung tangga-tanggane.
"Kanjeng Ibu Sumi sampun ajrih!" celathune bocah bagus kuwi kanthi aring.
"Panjenengan percados kemawon kaliyan kula, kula mboten bakal milara panjenengan malah badhe asung bebantu dhumateng panjenengan. Ning kanthi pitukon panjenengan janji mboten criyos kaliyan sinten-sinten bab wewadinipun kula punika. Kula mang dadosaken putra panjenengan kemawon. " celathune bocah bagus kuwi karo ngalang-ngalangi lakune Sumi sing arep metu saka ngomah.
"Ya wis yen kaya mangkono ngger, ning jenengmu njur sapa...?" jawabe Sumi karo isih tidha-tidha nyawan bocah bagus kuwi.