Sore iku srengenge wes ora katon ana ing langit desa Kebonjati. Gantine, mbulan bunder saktampah wes jumedhul saka iring wetan. Kaya adat sabene, Tanto ngalor-ngidul dolan ra jelas juntrung, kala-kala mampir jajan ing warunge Pakdhe Kardi.
“Kok kowe ora sinau kaya kanca-kancamu kae to Tan?” Pakdhe Kardi nakoni Tanto karo ngudhak es teh.
“Mboten kok Pakdhe, kula niku mpun pinter. Kula wegah ndakne namung dituruni rencang-rencang nika,” wangsulane Tanto sakgeleme dhewe. Tangane tengen njupuk gedhang goreng ing piring ngarepe, banjur dicokot pucuke. Jiann, sajak nyamleng tenan.
Udakara jam sanganan wengi, Tanto lagi kledhang-kledhang mulih. Tekan ngomah langsung mapan turu. Pitakonane ibune kang maneka warna ora digagas babar blas. Ibune unjal ambegan.
“Dhuh Gusti Ingkang Maha Kuwaos, nyuwun pitedah kagem lare kula menika,” keprungu suara ibune Tanto lirih.
Esuke, nalika Tanto mlebu kelas, katon kanca-kancane lagi padha jagongan karo geguyon. Tanto nyelehke tase ana ing kursi, banjur nyawang sakiwatengene.
“Ndri, Andri!” Tanto nyelukke Andri kang lagi piket nyapu kelas.
“Ana apa Tan?” Andri semaur, isih karo sengkut nyambut gawe reresik kelas.
“Ana PR ora? Nek ana, aku nyilih kene!”
“Ora ana.”
“Ngapusi!”
“Tenan kok, pancen ora ana.”
“Kok kadingaren ora ana, biasane Bu Guru ki mbendina maringi PR.”
Theeeeeeeeettttttttttttttt, keprungu suara bel pratanda wes wayahe pasinaon arep diwiwiti. Bocah-bocah pada lungguh ana ing kursine dhewe-dhewe. Ora sawetara suwe, katon Bu Guru rawuh mlebu kelas. Sakwise uluk salam lan ndonga bebarengan, Bu Guru miwiti pasinaon ing esuk iku kanthi ndangu bocah-bocah, apa isih kelingan menawa dina iki ana ulangan basa Jawa. Bocah-bocah semaur, menawa isih kelingan. Tanto katon meneng wae, sajake bocahe lali.
“Wadhuh, le ora ana PR ki jebule merga arep ulangan to? Kowe kok ra ngomongi aku to Ndri?”guneme Tanto lirih karo nyikut Andri kang lungguh ana jejere.
“Uwis wae, wingi rikala mulih sekolah, tur mau bengi yo titip weling ibumu kok, wong kowe tak goleki ora ana,” Andri semaur karo mecucu.
“Wis padha siyap ulangan durung?” Bu Guru sepisan maneh ndangu bocah-bocah.
“Sampuun Bu Guru,” bocah-bocah semaur bebarengan.
Bu Guru banjur mbagekake buku ulangan karo lembaran-lembaran soal. Bocah-bocah banjur pada nggarap kanthi temenanan. Tanto kang babar blas ora sinau rumangsa bingung weruh soal-soal ulangan kang kudu digarap. Kertas soal mung diolak-alik, diwaca sedhela banjur diselehake maneh. Buku ulangane isih resik, lagi ditulisi nomer thok. Judheg!
Tanto nglirik Andri, nanging Andri ora nggatekake. Tanto nglirik Bu Guru kang nembe lenggah karo nulis ing buku gedhe. Oh, Bu Guru ora nggatekake kene kok, batine Tanto.
“Ssshh....nomer telu apa Ndri?” Tanto nyikut lengene Andri.
“Sik, rung rampung!”Andri semaur rada sero.
“Andri, Tanto, mboten pareng tumindak culika nggih, ayo saiki Andri pindah lungguhe. Kana Ndri, kowe pindah jejer Susilo,” ujug-ujug Bu Guru ngendika.
Klunthuh-klunthuh Andri pindah papan anggone lungguh. Nyeraki Susilo kang pancen lungguh dhewe ora ana jejerane. Tanto sansaya judheg, biasane yen dheweke ora isa nggarap, mesthi dikandhani dening Andri. Saiki Andri adoh, ora isa ngandhani. Saking judhege, Tanto ngawur anggone nggarap ulangan.
Sakwise ulangan rampung, wektu iku uga hasil ulangan padha dirembug lan dicocokke. Bocah-bocah kang didangu Bu Guru maju nggawa buku ulangane banjur dibiji. Saka bocah rongpuluh ing kelas iku, akeh-akehe oleh biji wolung puluh. Mung bocah siji kang oleh biji telung puluh. Iya, bocah kuwi mau ora liya ya si Tanto. Tanto isin, mripate mbrambangi. Nanging kepiye maneh?
Rampung anggone paring biji, Bu Guru ngendika marang kabeh bocah ing kelas iku. Menawa sinau iku kanggo sakdawaning umur. Ora mung dinggo saiki ana ing sekolahan. Bocah kang sregep sinau, sesuk-sesuke mesthi dadi wong kang migunani. Bisa mikul dhuwur mendhem jero tumrap wong tuwa, agama, lan nusa bangsane. Kabeh pangangkah mesthi bisa kelakon, angger sregep mbudidaya lan sregep ndonga. Paribasane, jer basuki mawa beya.
Tanto manthuk, rumangsa mathuk marang welinge Bu Guru. Ing batine, dheweke kudu bisa.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H