"Aku melu bela sungkawa, Na. Muga Gusti paring panggon sing paling endah kanggo adhimu," Adrian nyalami tanganku.
Jalaran lara lapa sing tak duweni ora mung siji. Memper yen awakku kerep nelangsa, kaya nasibe kuthuk kelangan babon banjur ijih diburu luwak. Yen perkara wong tuwa sing pegatan iku wis dadi crita lawas kawit SD. Adhiku sing mlebu metu rumah sakit yang wis pirang-pirang tahun kepungkur. Cidro dilarani wong lanang ya wis makaping-kaping. Ananging laraning atiku sing keri dhewe iki kaya ora bisa tak suwawa maneh. Nalikane ibuku seda sasi wingi, banjur pacarku sing banget tak tresnani mblenjani janji. Kabeh iku rasa-rasane wis cukup gawe atiku remuk.
Aku meneng kaya cagak listrik. Lambeku cep klakep ora nduwe ukara. Nadya, adhiku siji-sijine sing wis kapundhut Gusti telung dina kepungkur. Adhi sing tak gadang-gadang dadi sedulur lan batir urip sidane ora ana, mati.
"Na, ...." Adrian ngelus pundakku. "Kowe oleh nangis ning ngarepku. Mangga ...."
Lan tangisku banjur ambrol. Saiki ana sing namatake anggonku nangis, ana sing krungu anggonku nyuwara ngiris ati, ana sing nyimak pengarep-arep sing kaya-kaya nyisihi aku.
Ana sing mesakake aku ....
Mesak....
Yogyakarta, 07 Mei 2021
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H