Yen wong liya nduweni kaca pengilon kanggo macak ayu, seje karo aku. Nangis ning ngarep pengilon. Yen pengin rumangsa nduwe kanca, aku nangise ana ngarep kaca pengilon karo ndeleng olehku cengeng. Ealah cengeng! Mung siji panyuwunku, yaiku ati sing lara iki bisa mari, wujud sing ajur malih dadi ati sing wutuh lan seger kaya mula bukane.
Tangisku keprungu saben bengi, nalikane aku mulih kerja nganti mapan turu. Ya mung ana ning omah anggonku bisa ngatonake yen awakku wong sing ringkih, ora nduweni daya, ora pantes guyon heha-hehe kaya wong edan.
Yen dadaku dibedah, isine mung pangarep-arep sing ora ana watese. Anggonku nguwatake awakku mesti kawiwitan ukara muga-muga.
Muga-muga nduweni urip dawa, sehat waras lan berkah
Muga ketemu jodho sing bener lan gemati
Muga pinaringan rejeki lan kamulyan
Liwat pamikiran iku aku nuwuhane wiji-wiji pangarep-arep muga uripku mbesuk bisa luwih padhang, luwih mulya dan becik.
"Na, kowe kawit biyen yen dhewean mesti nglamun." Adrian, kanca kawit SMP lan SMA. Dheweke mulih telung dina kepungkur saka anggone merantau ana Kalimantan.
"Pancene yen aku dhewean jarang ngobrol," tandukku guyon. Lambeku mrenges, mripatku sumanar sarta swara guyuku keprungu renyah. Saktenane atiku njerit-jerit nyuwun tulung.
Adrian ngguyu sedhela banjur meneng wae. "Kowe wis maem?" pitakone Adrian. Pitakone ora tak sauri. Sakliyane wong sing nandang kelaran dhewean, aku uga seneng goroh. Goroh yen aku ora apa-apa.
Ananging apa iya aku bisa goroh ning ngarepe Adrian? Omahe mung wetan omahku. Dheweke siji-sijine kanca sing paling mangerteni kahanan uripku. Tujune Adrian ora ember lan mung meneng wae, malah api-api ora ngerti yen ana wong sing nggrundeli aku.