Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Wuyung Wani Wurung

26 Oktober 2020   08:53 Diperbarui: 26 Oktober 2020   08:56 577
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: galeri foto pribadi

"Mas, iki jan-jane arep kepiye?" pitakonku lirih marang Mas Dika kang kawit mau nunggoni anggonku ngrampungake gawean. Dheweke mung lungguhan ana sandingku, ora ngucap apa-apa lan sepisan-pisan ngaras rambutku.

"Njenengan iku ngelih apa ora, Mas?" pitakonku maneh. Mas Dika nggedek banjur narik tanganku nalika aku menyat saka kursi. Hambeganku landung, jero uga nggegirisi.

Jan-jane ing sesambungan iki ora ana kang rumangsa tuna, padha seneng lan butuhe. Aku lan Mas Dika wis padha ngumure, wis lulus kuliah lan nduweni gawean kang kurang luwihe wis bisa nyukupi kekarepan lan jejangkepan werna-werna. Apa maneh kang perlu dienteni?

Sesambungan iki wis lumaku 4 tahun. Sesambungan kang diwiwiti pethukan ing Sekaten nalika aku ngawul klambi rombengan. Aku golek jaket, dheweke golek kathok. Sidane kang ngolehake jaketku iku Mas Dika lan aku kang ngolehake kathok komprang apik kanggo Mas Dika. 

Malah ndemenakake temenan merga nalika iku aku ngolehake kathok 5 cacahe. Tak kira yen ngolehake siji bisa wae Mas Dika ora tau ganti. Mulane aku ngolehake sak okeh-okehe kareben bisa solan-salin. 

Dene Mas Dika ngolehake jaket kang rupane nyleneh. Nalika iku aku kaya wegah-wegaho nampa jaket kaya lulang wedhus gembel lurik. Rambutku wis kriting, yen nganggo jaket iku malah persis wewe gombel. Ananging merga kepranan Mas Dika, jaket iku tak tampa lan tak enggo tumeka saiki. Rupa jakete pancen elek ananging anget kathik gampang rerumatane.

Mas Dika uga ngeterake mulih. Aku manut, ora nduweni rasa wedi amarga tak wawas Mas Dika iku wong lanang apik-apik lan ora katon nduweni niat ora becik. Pancen temenan, Mas Dika seje karo wong lanang kang wis-uwis. Wiwit saka dina iku katresnan antarane aku lan Mas Dika tuwuh lumaku tumeka saiki kaya kembang lan tawon, kebo lan jalak, utawa hiu lan iwak remora.

Yen akon aku nyeritakake kang endah-endah ora bakal kentekan ukara amarga saben kesenengan iku kasimpen becik ana ing atiku. Pancen ana ing sesambungan iku ora mung seneng terus utawa nguja tresna. Ana wektune aku lan Mas Dika tukaran, sengit nganti wegah pethukan. Kuwi kabeh wis tak lakoni lan tak rasakake. Rasane pancen nano-nano maneka werna ananging cekake aku kandha yen sesambungan iki endah lan becik.

Kanggone Mas Dika, pangucapku winginane sore palingna gawe atine cuwa kelara-lara. Dina iku Mas Dika ngepasi ajak rabi, dheweke wis mratelakake werna-werna kanthi tharik-tharik. Katon banget yen iku kabeh direronce Mas Dika nganggo pikir kang mateng lan jero. Aku mung meneng, ora manthuk utawa nggedek. 

Awakku jejeg kaya wit glugu, ananging jiwa lan atiku gonjang-ganjing wayangan dhewe. Saben krungu rerekane Mas Dika, kaya-kaya aku dadi wadon kang paling dosa ning dunya iki. Geneo wong lanang apik-apik kaya Mas Dika malah kudu tak tinggalake.

Arep kepiye maneh? Pikiranku wis buntung ora bisa ditulungi maneh. Anggonku nangis saben bengi nganti eluhe garing, swarane gerok lan sikil ora bisa jejeg. Laraning cidro iki wis tak rasakake kawit telung tahun kepungkur nalika aku diajak mulih Magelang kanggo ketemu Bapak lan Ibune Mas Dika. Dina iku kudune dadi dina kang endah dene aku sansaya cerak pitepangan karo Mas Dika lan keluargane. Ananging dina endah iku owah dadi udan gludug, banjir, lindhu, gunung njeblug lan pageblug dadi siji ana ing awakku.

Aku pancen kuwanen kaya kutuk marani sunduk, ula marani gitik, asu marani gebug. Ngerti bakale lara, ngerti bakale cuwa, ngerti ora bakal nduweni ananging panggah ngeyel nguja rasa tresna. Aku mangerteni sekuat-kuate ngadepi kahanan bakalane ora bisa nggayuh pepinginan kanggo urip omah-omah karo wong lanang pilihanku, Mas Dika. Aku mung menang milih, ananging ora bisa nduweni. Mung nduwe rasa tresna ananging kudu cuwa. Ngrasakake wuyung ananging kudu wurung. 

"Nin, kowe kuwi jan-jane seneng aku ora?" pitakone maneh. Aku manthuk, mesem banjur nangis.

"Njenengan wis tak suwun aja takon ngono kuwi maneh ta, Mas," tuturku alon karo ngelus dada kang wis ambrol. "Atiku wis ajur lawas, Mas."

Mas Dika ngruket awakku, tangise gerung-gerung. Wengi iki mesti kaya wengi-wengi kepungkur. Mas Dika nginep ana kontrakanku banjur nangis sewengi nutuk, ngalahake pagelaran wayang. Sanajan aku turu ana kamar utawa lembur nyambut gawe, dheweke panggah nangis kaya bocah salit susu.

"Nin, apa ya bisa aku iki urip sakteruske tanpa sliramu?" ujare Mas Dika tengah wengi ning ngarep lawang kamar.

"Mas, pitakon kaya ngono kuwi wis ngumandang kawit dina semono. Ati lan lambe ajeg nyauri 'ora bisa' mulane sesambungane awakdhewe bisa tumeka nganti seprene. Ananging kuwi kabeh ora ana temune, Mas. Wong tuwamu ora sarujuk, utamane Ibumu." Aku nyauri alon-alon.

"Menawa iki diterusake bakalane ora bakal rampung kathik sansaya nglarani ati. Luwih becik dipungkasi alon-alon. Ya wis ben dadi lelakone awakdhewe. Muga wae mengarepe awake dhewe ora nemahi kahanan kaya ngene iki maneh. Wis cukup semene wae."

"Nin...." Mas Dika ngruket awakku maneh. "Ngapura Ibuku, Nin."

Rasane kaya wong keli. Aku eling kedadean telung tahun kepungkur nalika semono.

"Denok, mreneo Ibu arep matur. Dika iki elek-elek balung gajah sabuk galengan," ngendikane Bu Nadya kanthi alus. "Ananging aja omong bab iki karo Dika. Wis kana ngadoh saka Dika alon-alon."

Dhisike aku percaya menawa sesambungan iki tetep lumaku bisa nguluhake atine Bu Nadya supaya nampa aku, wadon crigis imbas-imbis. Kasunyatanane pancen aku kudu ngrungokake tukang parkir.

Mundur! Mundur!

Tanganku kang mbiyen prasasat ora sayah anggone nothok lawang, ora kesel uluk salam lan matur marang Ibune Mas Dika, ing tembe mburine kudu mak klepat lunga. Kudu tegel medhot katresnan amarga aku mesakake marang awakku dhewe kang wis lungkrah. 

Baket kang tak ajak rembugan kedhuwuren mokal ketembus. Ing perkara iki ora ana kang salah. Bu Nadya, Mas Dika utawa aku nduweni bener dhewe-dhewe. Apik orane perkara iki mbesuk mesti katon. Embuh kuwi awujud getun, kelangan utawa malah kamulyan.

Aku pancen tresna Mas Dika, ananging uga kudu nresnani awakku dhewe. Aku wis kelara-lara seprana-seprene yen dibanjurake nganti embuh kapan padha wae golek memala kang angel tambane. Awakku wis sayah. Uwis tak cukupake semene wae. Saiki pancen isik lara lan tatune durung ilang. Ananging aku percaya mesti bakal oleh ganti.

Aamiin.

Yogyakarta, 25 Oktober 2020

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun