Aku pancen kuwanen kaya kutuk marani sunduk, ula marani gitik, asu marani gebug. Ngerti bakale lara, ngerti bakale cuwa, ngerti ora bakal nduweni ananging panggah ngeyel nguja rasa tresna. Aku mangerteni sekuat-kuate ngadepi kahanan bakalane ora bisa nggayuh pepinginan kanggo urip omah-omah karo wong lanang pilihanku, Mas Dika. Aku mung menang milih, ananging ora bisa nduweni. Mung nduwe rasa tresna ananging kudu cuwa. Ngrasakake wuyung ananging kudu wurung.Â
"Nin, kowe kuwi jan-jane seneng aku ora?" pitakone maneh. Aku manthuk, mesem banjur nangis.
"Njenengan wis tak suwun aja takon ngono kuwi maneh ta, Mas," tuturku alon karo ngelus dada kang wis ambrol. "Atiku wis ajur lawas, Mas."
Mas Dika ngruket awakku, tangise gerung-gerung. Wengi iki mesti kaya wengi-wengi kepungkur. Mas Dika nginep ana kontrakanku banjur nangis sewengi nutuk, ngalahake pagelaran wayang. Sanajan aku turu ana kamar utawa lembur nyambut gawe, dheweke panggah nangis kaya bocah salit susu.
"Nin, apa ya bisa aku iki urip sakteruske tanpa sliramu?" ujare Mas Dika tengah wengi ning ngarep lawang kamar.
"Mas, pitakon kaya ngono kuwi wis ngumandang kawit dina semono. Ati lan lambe ajeg nyauri 'ora bisa' mulane sesambungane awakdhewe bisa tumeka nganti seprene. Ananging kuwi kabeh ora ana temune, Mas. Wong tuwamu ora sarujuk, utamane Ibumu." Aku nyauri alon-alon.
"Menawa iki diterusake bakalane ora bakal rampung kathik sansaya nglarani ati. Luwih becik dipungkasi alon-alon. Ya wis ben dadi lelakone awakdhewe. Muga wae mengarepe awake dhewe ora nemahi kahanan kaya ngene iki maneh. Wis cukup semene wae."
"Nin...." Mas Dika ngruket awakku maneh. "Ngapura Ibuku, Nin."
Rasane kaya wong keli. Aku eling kedadean telung tahun kepungkur nalika semono.
"Denok, mreneo Ibu arep matur. Dika iki elek-elek balung gajah sabuk galengan," ngendikane Bu Nadya kanthi alus. "Ananging aja omong bab iki karo Dika. Wis kana ngadoh saka Dika alon-alon."
Dhisike aku percaya menawa sesambungan iki tetep lumaku bisa nguluhake atine Bu Nadya supaya nampa aku, wadon crigis imbas-imbis. Kasunyatanane pancen aku kudu ngrungokake tukang parkir.