Mundur! Mundur!
Tanganku kang mbiyen prasasat ora sayah anggone nothok lawang, ora kesel uluk salam lan matur marang Ibune Mas Dika, ing tembe mburine kudu mak klepat lunga. Kudu tegel medhot katresnan amarga aku mesakake marang awakku dhewe kang wis lungkrah.Â
Baket kang tak ajak rembugan kedhuwuren mokal ketembus. Ing perkara iki ora ana kang salah. Bu Nadya, Mas Dika utawa aku nduweni bener dhewe-dhewe. Apik orane perkara iki mbesuk mesti katon. Embuh kuwi awujud getun, kelangan utawa malah kamulyan.
Aku pancen tresna Mas Dika, ananging uga kudu nresnani awakku dhewe. Aku wis kelara-lara seprana-seprene yen dibanjurake nganti embuh kapan padha wae golek memala kang angel tambane. Awakku wis sayah. Uwis tak cukupake semene wae. Saiki pancen isik lara lan tatune durung ilang. Ananging aku percaya mesti bakal oleh ganti.
Aamiin.
Yogyakarta, 25 Oktober 2020
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H