Surati, Badrun lan Tukidi nerusake anggone ngomongake Sutini. Aku namatake Sutini saka gerobakku. Yen owahe pinuju kabecikan mono ora apa-apa. Ananging owahe Sutini iku pinuju babagan sing ala. Pancen sandhangan iku katon luwes ning awake Sutini, ananging kuwi pinandha yen Sutini wis ora ngugemi kebecikan.
"Yen kowe isik maido. Nalika bali mengko tututono Sutini iku. Dheweke mesti mampir omahe Pak Darmanto sing ning Mrican. Yen ora ya dipethuk wong lanang gedhe dhuwur rambute disemir ijo nganggo mobil abang. Lanangan sing methuk iku gonta-ganti ding. Tur anggone lelungan kerep mulih isuk."
Aku manthuk ngrungokake kandhane Surati sing wis ibut ngringkesi dagangan. Dheweke salah sijine bakul paling ndableg ananging menawa namatake kahanan kaya gaok. Sakdurunge dikandhakake liyane, Surati mesthekake dhisik kuwi bener orane. Dadi apa sing diomongake Surati bisa dipercaya.
"Yok." Aku nuli nyurung gerobakku mulih.
Aku lan Sutini pancen mung sewates kanca dodolan ider ning ndalan. Ananging aku salah sijine wong sing mangerteni maneka warna larah-larahe uripe Sutini kawit wonge mara ing kutha iki. Mbiyen dheweke teka mung nggawa klambi sing nemplek ning awak karo gendul wedang sing wis kothong. Wengi-wengi dheweke liwat ngarep omahku lan mandheg ana ing ngisor wit randu. Dhisike tak kira demit amarga tengah wengi ngepasi udan kok ana sing ngadeg ora obah ning ngisor wit gedhe. Aku nuli kandha marang simbok supaya ngancani niliki weweruhan kuwi.
Simbokku kawit mbiyen pancen pengin nduweni anak wadon ananging ora tau keturutan. Aku nduwe adhi wadon ananging nalika umur pitulas tahun wis kapundhut merga kecelakaan ning ndalan. Dadi anane Sutini banget nyenengake simbokku.
"Nok, wengi iki nginep kene." Simbokku nuduhake kamar kosong kanggo Sutini sing katon katisen.
Sutini diwarahi simbokku gawe gethuk lan kupat tahu supaya bisa kanggo sinau dagang. Kasunyatane Sutini luwih pinter gawe gethuk tinimbang kupat tahu. Dadi simbokku ngrekakake Sutini supaya nduweni gerobak kanggo dagang banjur melu aku dodol ider lan mangkal ana lapangan Rembes.
Dina sabanjure aku mara menyang omahe Sutini. Â Aku sengaja mara mruput kanggo mesthekake kandhane Surati menawa Sutini kerep mulih isuk lan solan-salin wong lanang sing ngeterake iku bener apa ora.
"Dek Suti!" bengokku. Tak jelukake makaping-kaping nanging panggah ora ana sing nyauri. Aku ngintip liwat bolongan cendela kanggo meruhi kahanan njero omah. "Bocah iki nandi?" pitakonku karo awakku dhewe. Omah sing mbiyene bekas kandhang sapine bapak alon-alon direnovasi karo Sutini. Ya memper wong Sutini saiki ora mung dadi bakul gethuk ananging wis dadi artis sing diundang ana ngendi-ngendi.
Ora let suwe Sutini mulih diterake wong lanang rambut kuning. Sutini katon kaget meruhi aku wis lungguhan ana ngarep omah, katon yen wis suwe ngenteni.