Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Sutini Bakul Gethuk dan Aneka Stiker

11 Oktober 2020   17:02 Diperbarui: 11 Oktober 2020   20:15 554
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Sutini mlaku rikat. Ora ninguk kiwa tengen, apa maneh madhep mburi. Embuh dina iki ana perkara apa kok Sutini ora kaya biasane. Adate Sutini iku tlaten lan sabar sedalan-dalan. Sedhela-dhela dheweke kudu mandheg merga akeh sing njelukake. 

Malah uga kerep digodani lan diajak guyon karo mahasiswa utawa nom-noman sing sengaja ngadhang ning ndalan. Amarga saking kondange, "Sutini Bakul Gethuk dan Aneka Stiker" kerep diundang ning acara-acara. Malah wis keprungu kabar yen sasi ngarep Sutini bakal ditanggap dadi bintang tamu ning salah sijine TV swasta. Lah suwe-suwe Sutini kuwi mesti dadi artis kondang.

"Gene kok cepet temenan olehmu tekan kene, Ngin?" pitakone Surati bakul tape goreng karo aku sing mengkis-mengkis olehe hambegan. "Kowe ki ana apa kok kaya keweden demit?"

Aku nudingi Sutini sing wis haha-hihi karo geng-e ning tengah lapangan.

"Aku nututi Sutini. Kawit mbiyen ki aku pancen ana mburine ta, Sur." Aku cucul topi banjur tak ubeng-ubengake persis nalika njoget dangdut campur sari. "Sutini kuwi mlakune rikat banget. Jan anggone dodolan gethuk ora kaya adate sing tlaten lan sabar."

"Ealah, Ngin. Kowe gek ngrumangsani ta nek Sutini iku wis owah. Wis uda kara ameh sesasi iki wonge ngono kuwi ki," kandhane Surati karo malik gorengan tapene. "Kowe kesuwen anggonmu tilik Pak Dhe ana Lampung."

Saksuwene iki Sutini dadi bakul teladan ning lapangan Rembes. Dheweke dadi panutan kanggo kabeh bakul amarga Sutini anggone bakulan tlaten, sabar lan maju. Pelanggane akeh temanan, prasasat yen Sutini liwat utawa mangkal mesti padha nyengkakake tuku. Mula saka kuwi akeh sing pengin dodolan sacerake Sutini kareben ketularan kelarisan.

Sutini kaya bakul gethuk adate sing ider sinambi nyetel dangdut utawa campursari sedalan-dalan. Pancen mung dodolan gethuk lan stiker, ananging carane bakulan iku pinter lan mbedani marakake wong sing ora kepingin mangan gethuk dadi tuku gethuk, wong sing ora kepingin stiker banjur tuku stiker. Dheweke dodolan sinambi joget-joget lan nembang. Obahe awake Sutini pancen luwes lan swarane apik. Sutini uga kerep nyetel musik jathilan banjur dheweke njathil nganti ethok-ethok ndadi. Yen wong liya negar-negar njathil mesti malah nggilani, ananging yen Sutini senajan ndadi banjur ngrokoti kates mentah tetep wae ayu lan luwes.

Aku ora ngapusi. Senajan Sutini cosplay dadi wewe gombel wae tetep ayu. Jan Sutini iku mbiyen mesti laire kalung usus. Sakwernane lakon lan sandhangan katon luwes ning awake. Dadi yen Sutini sing kerep nyamping nalika dodolan persis kaya temanten wadon.

"Sssttt!! Tak kandhani, Ngin. Sutini kuwi jarene wonge wis lekas ora nggenah," tuture Tukidi, bakul cilok sing kawit mau mung meneng wae. "Aku jane ya rung tau meruhi neng yen diwawas saka clathu lakune saiki bisa wae ana benere."

"Hus!" Aku ora percaya. "Mbok yen omong kuwi sing ati-ati. Aja gawe-gawe!"

Surati lan Tukidi malah ngguyu meruhi aku sing ora trima yen Sutini dilokake ora nggenah.

"Lha kowe ora trima kuwi geneo mau kok ngrumangsani yen Sutini beda karo adate, Ngin?" pitakone Badrun bakul es tebu. Badrun pancen ajaib. Sak sero-serone olehe nyetel uyon-uyon ananging tetep krungu yen ana wong omong-omongan. Ajaib temenan.

"Oh iya ding. Tak deloke sik. Ya memper ta nek aku ketinggalan berita wong aku lagi wae bali tilik Pak Dhe ning Lampung." Aku banjur delag-deleg nyawang geng Sutini sing paling eksis ning lapangan Rembes.

Geng Sutini iku kumpulane bakul-bakul privilege sing bagus lan ayu. Parmi, bakul singkong keju. Senajan dheweke sinden ananging tetep bakulan nalikane ora ana gawean. Kampret, bakul urang crispy sing banget thuk mis, umur telung puluh tahun wis rabi ping telu. Lagehane kaya pitik jago sing seneng salin babon. Kartijah, bakul dawet sing wonge alus kaya widodari khayangan. Anggota keri dhewe yaiku Wagiran bakul jenang. Wonge pancen menengan ananging yen kadung omongan mesti saru kathik sero.

Dene aku sak geng karo Surati, Tukidi lan Badrun sing kalebu bakul sing rupane wagu. Ciri khas anggonku bakulan mesti ora nganggo klambi. Ora udan ora panas, olehku dodolan bakwan kawi ora tau klambenan. Tukidi rambute gondrong nganti sebokong. Rambut dawane semono mung dirembyang lan menawa uyek bisa ngentekake shampo setengah gendul. Tukidi dipenging warga ider wengi-wengi merga kerep dikira demit kuntilanak. Merga gondrong iku, pelanggan ciloke Tukidi akeh-akehe wong-wong gondrong. Dadi kena dititeni yen wong gondrong teka menyang lapangan Rembes mesti arep tuku ciloke Tukidi. Surati nduwe tompel sing gedhene sak bal ping pong ning pipi kiwa. Dadi yen bakulan wonge ajeg nganggo kupluk maling. Badrun iku sakjane bagus, nanging yen didelok saka kadohan madhep memburi, nganti sing tetuku ning gerobake Badrun ora betah suwe-suwe merga wedi dibrakot.

"Coba deleng sandhangane Sutini saiki. Ora kaya adate ta, Ngin." Surati nudingi Sutini. "Saiki wonge wis ora tau nyamping maneh. Dheweke luwih seneng nganggo hot pant utawa rok mini. Gek sandhangane kabeh kuwi mepet ngepress awak kaya lintingan udute Badrun. Rambute uga digawe abang-abang kaya sumba. Sing mbiyen nggota nyetel langgam campur sari lan jathilan, saiki setelane lagu disko sing ora penak dirungokake bebarengan. Saiki coba deloken Sutini kuwi jogete kaya pocong lompat di tempat."

"Jebul iya ta," gunemku. "Aku malah gek sadar saiki iki."

"Aku wingi weruh wonge mandheg ning cakruk. Tak takoni barang apa sing diemut kuwi. Eh malah jawabane muni gek ngemut mbang gula sing sunduke gedhe. Kamangka kuwi cetha nek udut lho, Ngin. Ndarani aku ora bisa mbedakake permen sunduk karo udut apa kepiye?" Surati katon gething.

"Neng olehmu namatake sikile Sutini aja suwe-suwe, Ngin. Saiki pancen alus, nanging mbiyen kempol kiwa kae tau korengen lho." Tukidi mbengok sinambi ngedoli komunitas mahasiswa gondrong sing wis dadi langganane.

"Mbiyen gek anyaran dadi bakul gethuk kuwi Sutini nggota gegatelen. Yen ora percaya coba takon Surati kuwi." Badrun ngguyu. "Surati kuwi sing mbiyen ditakoni tamba gudig kuwi apa. Dadi geger sing katon alus kuwi mbiyen wis tau gudigen."

Surati mesem. "Lha rak suwe-suwe boyoke Sutini kuwi ana gambar naga mangap-mangap buntunte dawa."

Surati, Badrun lan Tukidi nerusake anggone ngomongake Sutini. Aku namatake Sutini saka gerobakku. Yen owahe pinuju kabecikan mono ora apa-apa. Ananging owahe Sutini iku pinuju babagan sing ala. Pancen sandhangan iku katon luwes ning awake Sutini, ananging kuwi pinandha yen Sutini wis ora ngugemi kebecikan.

"Yen kowe isik maido. Nalika bali mengko tututono Sutini iku. Dheweke mesti mampir omahe Pak Darmanto sing ning Mrican. Yen ora ya dipethuk wong lanang gedhe dhuwur rambute disemir ijo nganggo mobil abang. Lanangan sing methuk iku gonta-ganti ding. Tur anggone lelungan kerep mulih isuk."

Aku manthuk ngrungokake kandhane Surati sing wis ibut ngringkesi dagangan. Dheweke salah sijine bakul paling ndableg ananging menawa namatake kahanan kaya gaok. Sakdurunge dikandhakake liyane, Surati mesthekake dhisik kuwi bener orane. Dadi apa sing diomongake Surati bisa dipercaya.

"Yok." Aku nuli nyurung gerobakku mulih.

Aku lan Sutini pancen mung sewates kanca dodolan ider ning ndalan. Ananging aku salah sijine wong sing mangerteni maneka warna larah-larahe uripe Sutini kawit wonge mara ing kutha iki. Mbiyen dheweke teka mung nggawa klambi sing nemplek ning awak karo gendul wedang sing wis kothong. Wengi-wengi dheweke liwat ngarep omahku lan mandheg ana ing ngisor wit randu. Dhisike tak kira demit amarga tengah wengi ngepasi udan kok ana sing ngadeg ora obah ning ngisor wit gedhe. Aku nuli kandha marang simbok supaya ngancani niliki weweruhan kuwi.

Simbokku kawit mbiyen pancen pengin nduweni anak wadon ananging ora tau keturutan. Aku nduwe adhi wadon ananging nalika umur pitulas tahun wis kapundhut merga kecelakaan ning ndalan. Dadi anane Sutini banget nyenengake simbokku.

"Nok, wengi iki nginep kene." Simbokku nuduhake kamar kosong kanggo Sutini sing katon katisen.

Sutini diwarahi simbokku gawe gethuk lan kupat tahu supaya bisa kanggo sinau dagang. Kasunyatane Sutini luwih pinter gawe gethuk tinimbang kupat tahu. Dadi simbokku ngrekakake Sutini supaya nduweni gerobak kanggo dagang banjur melu aku dodol ider lan mangkal ana lapangan Rembes.

Dina sabanjure aku mara menyang omahe Sutini.  Aku sengaja mara mruput kanggo mesthekake kandhane Surati menawa Sutini kerep mulih isuk lan solan-salin wong lanang sing ngeterake iku bener apa ora.

"Dek Suti!" bengokku. Tak jelukake makaping-kaping nanging panggah ora ana sing nyauri. Aku ngintip liwat bolongan cendela kanggo meruhi kahanan njero omah. "Bocah iki nandi?" pitakonku karo awakku dhewe. Omah sing mbiyene bekas kandhang sapine bapak alon-alon direnovasi karo Sutini. Ya memper wong Sutini saiki ora mung dadi bakul gethuk ananging wis dadi artis sing diundang ana ngendi-ngendi.

Ora let suwe Sutini mulih diterake wong lanang rambut kuning. Sutini katon kaget meruhi aku wis lungguhan ana ngarep omah, katon yen wis suwe ngenteni.

"Kang Jemingin!" Sutini gage-gage meraki aku. Wong lanang kuwi mung mrenges banjur lunga klepat. Jan ora ngerti unggah-ungguh! Ora ngerti takon utawa sapa aruh.

"Seka ngendi, Ti?" pitakonku marang Sutini. Sutini meneng wae. Ora wani njunjung sirah, panggah ndingkluk. "Konangan kowe! Woalah nyolong pethek!"

Sutini nangis ning ngarepku. Eluhe tumetes ana ing pupune sing ora ketutupan rapet merga mung nganggo rok mini.

"Woalah! Tujune rambutmu kuwi ora tumanen. Tujune pakulitanmu iku wis resik, ora gegatelen gudig maneh," ujarku mangkel. "Wong kowe ya wis kerep dadi bintang tamu nandi-nandi, olehmu dodolan gethuk kuwi apa urung nyukupi kebutuhanmu ya, Ti?" pitakonku sansaya sero. Sutini nangis kaya tangis kepaten.

"Mas, kancaku saiki akeh. Ora mung bakul-bakul thok. Aku saiki wis ...

"Aku mangerti yen swaramu apik, olehmu nari bisa luwes lan guyonanmu uga gayeng. Kabeh wis ngerti yen kowe iku kondang. Ananging aja nglali lan lali, Ti. Eling!"

Simbokku sing ana njaba omah mung jumeneng ana latar, namatake Sutini sing nangis. Nalikane Sutini rada meneng, Simbok mlebu omah alon-alon. "Kowe eling ora pitutur sing wis tau simbok kandhakake marang kowe, Ti?"

 "Dadio wong wadon sing bisa jaga atimu tetep resik saka karep sing ora becik. Jaga awakmu kaya jaga mahkotane ratu. Merga regane wong wadon iku saka tata kramaning laku. Ora bakal ilang ayumu senajan rekasa uripmu. Ora bakal ilang cahyamu senajan lagi nelangsa atimu," ngendikane Simbok.

"Pancen saben wong iku bakal nduweni owah-owahan. Menawa owah-owahan iku pinuju kabecikan, terusna. Ananging menawa iku owah-owahan sing ala, lereno. Aja dibaleni maneh! Aja pisan-pisan dibaleni maneh! Aja nglali lan lali amarga apa sing mbok cekel saiki ora mesti mbok duweni selawase. Lan siji maneh, kabeh wong mesti ngundhuh wohing pakarti."

"Elingo, Ti. Eling."

Yogyakarta, 11 Oktober 2020

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun