Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Cerita Rakyat lan Mangerteni Jenis-jenise, Ngalasis Unsur Intriksik

17 Juli 2023   19:30 Diperbarui: 17 Juli 2023   19:33 4764
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Ora mung bocah Jaman saiki sing duweni rasa kapengin ngerti sing dhuwur. Masarakatjaman biyen uga mangkana. Masarakat Jawa ingjaman biyen uga kapengin mangerteni babagan kahaqan ing lingkungan alam sakiwa tengene. 

Upamane kenengapa ana gunung kang wangune memper prau kang mengkurep. Kenengapa ing tlatah Purwodadi lemahe bisa nyemburake lendhut  kang ngandhut uyah. Kenengapa bulan ing angkasa kok bisa ilang banjur njedul maneh nalika grahana. Sapa sing nggawe candi cacahe sewu. Kepriye larah-larahe sawijining papan jenenge Salatiga dene papan liyane ana sing jenenge Surabaya. Pitakonan-pitakonan kasebut banjur antuk wangsulan saka crita kang getok tinular turun-tumurun saka jaman biyen nganti saiki, yaiku kang ingaran crita rakyat.

Saka crita takyat kang paragane Sangkuriang dicritakake "Dumadine Gunung Tangkuban Prau", kedadeyan semburan lemah ing daerah Purwodadi diwangsuli kanthi crita "Asal-usule Bledhug Kuwu", dene prastawa grahana wulan dicritakake ing crita Bathara Kala kang ngemplok wulan ing angkasa. 

Masarakatjaman samana bnjur ngunekake tetabuhan maneka warna supaya wulan kang dicaptok Bathara Kala enggal diculake. Isih akeh crita rakyat liyane kang nyoba menehi katrangan ngenani kahanan kang dumadi ing alam iki. Mesthine kabeh prastawa utawa kahanan kang gumelar iki bisa dijlentrehake kanthi trewaca Ian kalebu nalar miturut ngelmu pangetahuan. Nanging crita rakyat iku dhewe uga duweni mupangat kang akeh Ian ngandhut piwulang kautaman.

Jaman saiki masarakat wus ora patiya migatekane babagan bener Ian orane kedadeyan ing crita rakyat. Malah kapara akeh sing nganggep crita rakyat iku iya mung crita lumrah kang ora bisa dibuktekake kasunyatane. Nanging anane crita rakyat iku isih narik kawigaten. Kajaba critane apik Ian bisa menehi Ielipur, crita rakyat uga ngandhut piwulang kebecikan kang migunani tumrap sapa bae sing gelern matrapake. Mula saka iku gatekna kang premati wulangan babagan crita rakyat ing ngisor iki!

A.    Mangerteni isi Teks Crita Rakyat

1.    Teges lan Unsur-unsure Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang Wis sumebar ing masarakat, cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mangsane, ora bisa dilari panganggite. Ciri kang bisa jpethil saka crita-crita rakyat kaya mangkene.

Anonim, ora diweruhi panganggite.

Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.

Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.

Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner).

Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman,

Crita rakyat iku duweni unsur-unsur kang bisa disinau kanggo nemokake tegese. Unsur-unsur sing bisa ditemokake ana ing sajroning crita bisa diarhi unsur intrinsik. Dene kang kalebu unsur intrinsik kayata: tema, latar, paraga, lan pesen/amanat.

Tema yaiku bab kang dadi dhasar/landesaning crita. Tegese, sawijining prakara kang diangkat lan dijabarake ana ing saperangah gedfie crita/pokok masalahe ciita. Tema-tema kang diangkat ana ing crita maneka warna kayata, legendha (asal-usule dhaerah/papan panggonan), crita dewa-dewi, bathara-bathari, donyaning kewan (fabel), lan samubarang kang bisa nggambarake menawa tumihdak kang becik mesthi bakal menang katndhingake tumindak kang ala dan durjana.

Adhedhasar tema kang wus tinemtokake, crita banjur ditindakake dening paragaparaga (lakon-lakon) sing siji lan sifine nduweni watak wantu. (perilaku lan watak) kang seje. Ana paraga kang kalebu paraga protagonis (apik, patriotik, tumindake bener). Ana uga paraga antagonis (jahat, kasar, lan liya-liyane). Unsur intrinsik liyane yaiku latar. Latar minangka katrangan kang nduduhke panggon-panggon lan titimangsa/wayah dumadine kedadeyan-kedadeyan ing crita. Latar bisa uga dimangerteni sakabehing prakara kang dadi (atar belakange dumadine crita (latar sosial).

Yen pamaos wus ngrampungake anggone maca crita, methine akeh sithik bakal kena pangaribawa dening isining crita. Kayata, aja tumindak kaya paraga mengko bakal nemu cilaka. Kang kaya mangkono mau mbuktekake manawa ing njeroning Gita jebul ana amanat. Amanat yakuwi pituduh kang sinimpen ing crita. Amanat bisa bae kaserat langsung liwat narasinp pengarang utawa dialog kang katindakake dening paraga-paraga ing crita, nanging bisa uga sinandi ing crita wutuhe (kasirat). Para pamaos bisa nangkep amanat kang kasirat kanthi nyimpulake dhewe saka dalan critane (alur).

2.    Perangane Crita Rakyat

a.  Fabel

Fabel yaiku crita rakyat sing dadi jejering lakon arupa kewan. Kang adaf tata carane kaya manungsa. Upamane kaya ing ngisor iki.

1)    Serat Kancil tanpa Sekar, dening Ki Padmasusastra

2)    Dongeng ato Kewan, dening dr. Priyana Winduwinata.

3)    Peksi Glanthik, dening Ki Yasawidagda.

b.  Legendha

Legendha, yaiku dongeng kang gegpyutan karo dumadine alam utawa sawijining bab. Kang critahe mung digathuk-gathukake. Upamane kaya ing ngisor iki.

1)    Dongeng Rawa Pening

2)    Guwa Parang Tritis

3)    Dongeng Kali Serayu

c.  Mite

Mite, yaiku crita rakyat babagan kapercayan jaman kuna. Gegayutan karo dewa-dewi, alam gaib Ian manungsa. Upamane.kaya iki.

1)    Dongeng Dumadine Jagad

2)    Dongeng Dumadine Grahana

3)    Dongeng Nyai Rara Kidul

d.  Wiracarita

Wiracarita uga diarani dongeng gegendhung, yaiku crita rakyat kang ngandharake para linuwih ing jaman kuna. Dedongenge diwuwuh-wuwuhi. Upamane kaya ing ngisor iki.

1)    Raden Panji Asmarabangun

2)    Kanjeng Panembahan Senapati

3)    Siyung Wanara

4)    Ramayana

5)    Mahabarata

e.  Dongeng Lugu

Dongeng lugu, yaiku crita kang sarwa aneh, ora kelebu nalar, mau-maune saka plandeling wong dek jaman kuna, ana uga kang pindan saka dongeng kahananing alam utawa para sudira ing perang. Sing diperlokake anehingh cerita. Umpamane kaya ing ngisor iki.

1)    Jaka Kendil

2)    Timun Mas

3)    Cindhelaras

4)    Mbok Randha ing Karang Wulusan

5)    Malin Kundang

f.  Sage

Sage yaiku crita rakyat kang awewaton sejarah, nanging akeh wuwuhane, upamane kaya mangkene iki.

1)    Dongeng Rara Jonggrang

2)    Dongeng Candhi Sewu

3)    Dongeng Kembang Wijayakusuma

  

TULADHA :

Keyong Mas

 

Kira-kira wis setaun Desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa. Mula iku lrang pangan Ian akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda Mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing Iola tanpa sedulur. Kanggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing nibebegan. Kahanan kaya mangkana dheweke ora nggresuta. Malah saya nyaketake marang Gusti Ingkang Mahakuwasa. "Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika."

Esuk-esuk Mbok Randha menyang alas golek pangan. Nalika lagi milang-miling weruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kang asat. Ing batine tuwuh pitakon "Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas?" Banjur nyedaki sumber cahya mau. Rareng dicedaki jebul sawijining keyong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keyong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, Mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mlih ngelanthung ora entuk apa-apa. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan, dheweke nyang pawn menawa ana krowodan kang bisa ngganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawohe. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sakbacute saben mulih saka alas pawone Wis cumepak panganan. Mula kanthi sesidheman dheweke ndedepi kang mlebu ing pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesidheman dheweke ndedepi kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinira. Saben ditinggal lunga Keyong Mas mau metu saka genthong malih dadip-utrikang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

"Nduk cah Ayu, sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilma Keyong Mas?"

"Yung, aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja  lnukerta. Raja ing Jenggala"

"Lho, kok nganti dadi Keyong Mas lan tumeka Alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye?"

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa. ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang karep ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keyong Mas banjurdiguwang nyang kali, adoh saka Kraton Jenggala. wekasane ora bisa ketemu karo garwane, Prabu lnukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keyong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keyong Mas nyungsang ing watu. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara wong lanang dhodhog-dhodhog, Mbok Randha banjur mbukakake lawang Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden lnukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala-kang diwadahi bokor kencana Raden lnukerta sauwat kaget amarga kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden lnukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadhapan nemoni Limaran. Eba bungahe Raden lnukerta keternu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden lnukerta karo garwane dibarengi udan deres ing Desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing Desa Dhadhapan. Kali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhahadapan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun