Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Cerita Rakyat lan Mangerteni Jenis-jenise, Ngalasis Unsur Intriksik

17 Juli 2023   19:30 Diperbarui: 17 Juli 2023   19:33 4764
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

Ora mung bocah Jaman saiki sing duweni rasa kapengin ngerti sing dhuwur. Masarakatjaman biyen uga mangkana. Masarakat Jawa ingjaman biyen uga kapengin mangerteni babagan kahaqan ing lingkungan alam sakiwa tengene. 

Upamane kenengapa ana gunung kang wangune memper prau kang mengkurep. Kenengapa ing tlatah Purwodadi lemahe bisa nyemburake lendhut  kang ngandhut uyah. Kenengapa bulan ing angkasa kok bisa ilang banjur njedul maneh nalika grahana. Sapa sing nggawe candi cacahe sewu. Kepriye larah-larahe sawijining papan jenenge Salatiga dene papan liyane ana sing jenenge Surabaya. Pitakonan-pitakonan kasebut banjur antuk wangsulan saka crita kang getok tinular turun-tumurun saka jaman biyen nganti saiki, yaiku kang ingaran crita rakyat.

Saka crita takyat kang paragane Sangkuriang dicritakake "Dumadine Gunung Tangkuban Prau", kedadeyan semburan lemah ing daerah Purwodadi diwangsuli kanthi crita "Asal-usule Bledhug Kuwu", dene prastawa grahana wulan dicritakake ing crita Bathara Kala kang ngemplok wulan ing angkasa. 

Masarakatjaman samana bnjur ngunekake tetabuhan maneka warna supaya wulan kang dicaptok Bathara Kala enggal diculake. Isih akeh crita rakyat liyane kang nyoba menehi katrangan ngenani kahanan kang dumadi ing alam iki. Mesthine kabeh prastawa utawa kahanan kang gumelar iki bisa dijlentrehake kanthi trewaca Ian kalebu nalar miturut ngelmu pangetahuan. Nanging crita rakyat iku dhewe uga duweni mupangat kang akeh Ian ngandhut piwulang kautaman.

Jaman saiki masarakat wus ora patiya migatekane babagan bener Ian orane kedadeyan ing crita rakyat. Malah kapara akeh sing nganggep crita rakyat iku iya mung crita lumrah kang ora bisa dibuktekake kasunyatane. Nanging anane crita rakyat iku isih narik kawigaten. Kajaba critane apik Ian bisa menehi Ielipur, crita rakyat uga ngandhut piwulang kebecikan kang migunani tumrap sapa bae sing gelern matrapake. Mula saka iku gatekna kang premati wulangan babagan crita rakyat ing ngisor iki!

A.    Mangerteni isi Teks Crita Rakyat

1.    Teges lan Unsur-unsure Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang Wis sumebar ing masarakat, cacahe ora bisa kapetung, ora cetha kala mangsane, ora bisa dilari panganggite. Ciri kang bisa jpethil saka crita-crita rakyat kaya mangkene.

Anonim, ora diweruhi panganggite.

Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.

Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun