Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Cerita Rakyat lan Mangerteni Jenis-jenise, Ngalasis Unsur Intriksik

17 Juli 2023   19:30 Diperbarui: 17 Juli 2023   19:33 4764
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pendidikan. Sumber ilustrasi: PEXELS/McElspeth

 

Kira-kira wis setaun Desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa. Mula iku lrang pangan Ian akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda Mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing Iola tanpa sedulur. Kanggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing nibebegan. Kahanan kaya mangkana dheweke ora nggresuta. Malah saya nyaketake marang Gusti Ingkang Mahakuwasa. "Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika."

Esuk-esuk Mbok Randha menyang alas golek pangan. Nalika lagi milang-miling weruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kang asat. Ing batine tuwuh pitakon "Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas?" Banjur nyedaki sumber cahya mau. Rareng dicedaki jebul sawijining keyong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keyong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, Mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mlih ngelanthung ora entuk apa-apa. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan, dheweke nyang pawn menawa ana krowodan kang bisa ngganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawohe. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sakbacute saben mulih saka alas pawone Wis cumepak panganan. Mula kanthi sesidheman dheweke ndedepi kang mlebu ing pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesidheman dheweke ndedepi kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinira. Saben ditinggal lunga Keyong Mas mau metu saka genthong malih dadip-utrikang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

"Nduk cah Ayu, sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilma Keyong Mas?"

"Yung, aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja  lnukerta. Raja ing Jenggala"

"Lho, kok nganti dadi Keyong Mas lan tumeka Alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye?"

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa. ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang karep ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keyong Mas banjurdiguwang nyang kali, adoh saka Kraton Jenggala. wekasane ora bisa ketemu karo garwane, Prabu lnukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keyong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keyong Mas nyungsang ing watu. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara wong lanang dhodhog-dhodhog, Mbok Randha banjur mbukakake lawang Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden lnukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun