"Pangampura temenan, Pak. Inyong wis bali ikih kiyeh. Wis teyeng ngladheni rika maning ikih."
Martono sing jane madan gela kuwe ora teyeng maido aring bojone. Arep maido genah dheweke ya padha baen. Batine nyuwara, "Belih, lah..anu wis kelakon. Angger onana liyane sing ngreti nden ora dadi poyokan."
"Ya, wis..inyong ya mangampura lupute ko, ko ya kudu gelem mangampura lupute inyong. Tapi poma ya, aja debaleni maning. Apa inyong egin kurang cukup nggo ko?" Takone madan kendho.
"Ih..rika leh." Maryati wis ora menjep, wani nglendhot maning. "Iya, Pak. Pangampurane temenan. Inyong ya mangampura rika. Anu wis keliwat ikih."
Martono takon maning, "Lah, kae jagung telung blinthi kae anu kepriwe jane?"
Megin lendhotan bojone semaur, "Ya kuwe, Pak. Angger tes dolan inyong mbenahi jagung siji nggo pengeling-eling dosa lupute inyong aring rika."
"Dadi wis ping telu? Terus dhuwit seringgit sing nggo buntel kae anu kepriwen maning?"
Maryati meneng baen. Mripate wis ana luhe.
"Kepriwen, koh? Anu wis kadhung luput ganu-ganu ikih..Inyong jengkela kaya ngapa ya sing penting aja debaleni maning, koh. Dhuwit apa kuwe?"
Maryati meneng baen. Luhe wis dleweran. Mingsek-mingsek maning.
"Semaur, Bu...ora jengkel ora inyong. Anu wis kadhung kedadiyan. Ya wis belih, lah. Sing penting ko jujur tur ora mbaleni maning."