Martono ora mecicil maning. Ndeleng luh dleweran neng rai ayu kuwe Martono ora tega. Apamaning mbareng Maryati semaur jere gelem waleh senajan ndadak arep nakoni aring dheweke disit. "Lah, kaya kuwe tolih kepenak. Inyong tolih eman aring ko, Bu. Wis aja tangisan kaya kuwe lah. Eman-eman ayumu kuwe, koh." Martono megin kober nggombal aring bojone. Pancen Martono kuwe tresna pisan.
Maryati menjep. Menyat laten njagong njejeri sing lanang, dheweke takon, "Pak...jajal inyong arep takon. Rika ya sing waleh baen, inyong ya ora arep jengkel ikih. Gelem, mbok?"
Martono seneng pisan dejejeri bojone. Kambi ngelus-elus pipine sing wadon, dheweke semaur, "Iya, Bu. Tek semauri. Jane arep takon apa, sih? Koh kayane serius temen."
"Rika cokan dolan klayaban yah pas inyong neng Malaysia? Aring ngendi baen iya?"
"Dolan aring ngendi? Klayaban ngapa? Ko leh takone sing aneh-aneh."
"Halah, wong lanang jere. Mentakan temen tolih betah dewekan. Mesthi tau dolan jajan, iya mbok? Ngaku baen, inyong ora jengkel ikih. Inyong ya maklum wong pancene inyong ya ora neng umah, ora teyeng ngladheni rika saben dinane." Maryati karo menjep njawil sikute Martono.
"Hehehe..sing kuwe mangsudmu? Lah, ya ora susah deomongna lah. Mbok marakena dadi padu."
"Dadi rika cokan dolan iya? Sering apa kepriwen? Inyong ya kepengin ngreti, koh." Maryati madan meped nggulih njagong. Madan lendhotan.
"Temenan, ko ora jengkel? Ko leh aneh-aneh baen. Anu kaya kuwe koh kepengin ngreti."
"Gari kandhah, koh. Inyong ora jengkel ikih, yakin."
Martono madan ngguyu semending. Nyawang ayune Maryati sedhela, terus ngesun pipine.