"Kaya kiye, Bu. Ya pancen inyong ya tau ora tahan detinggal ko semana lawase. Bali-bali enggane kur rong tahun sepisan. Neng umah kur telung minggu, laten mangkat maning. Inyong ya krasa kapiran. Dadi ya cokan tek slimur semendingan. Tapi ora wara-wiri, yakin! Kur ping pindho thok. Kuwe baen saking seringe kemutan ko sing ayune kaya kiye...hhhhh...."
"Halah, nglombo. Pindho apa ping pira?" Maryati menjep tapi meneng baen desun pipine.
"Yakin, lah. Kur pindho. Angger kemutan ko inyong cokan krasa luput, dadi ora maning-maning. Wis, lah. Aja kandhah sing kaya kuwe. Sekiye gari ko, Bu. Jajal jane kae benahan sing kepriwe larah-larahe?"
Maryati tambah nglendhot. "Temenan, rika aja jengkel, ya? Inyong ap ora waleh angger rika jengkel."
"Ora, ora. Kapan sih inyong jengkel aring ko? Jengkel aring wong ayune kaya kiye tolih nden rugi dhewek." Martono megin kober nowel janggute bojone.
"Iya, wis. Inyong tek waleh. Jane inyong agi neng Malaysia ya tau dolan, Pak."
Martono kaget. Bojone sing lendhotan dekon mingser. "Ko? Iya? Sasah busah...Deneng sih tega temen aring inyong?"
"I..iii..iya, Pak.. Tapi jere miki rika arep ora jengkel angger inyong waleh. Ya, wis lah angger rika ap jengkel ya ngonoh." Maryati karo menjep ndengkul ora wani mandeng bojone.
Martono meneng sedhela. Ambekane delandungena. "Hhhhhh...Ganu tolih ko wis tek penging. Orahan ngode aring Malaysia. Ndeleng batirmu si Tuminah ngodene jere kanjat bayarane, ko ngadreng kepengin melu-melu. Ngomonge jere kepengin nggolet rejeki nggo sangu tua. Kiye kaya kiye dadine. Ko wani ngambah dalan ora bener. Mbangkan ganu tolih wis tek wanti-wanti...ko kudu bisa njaga awak, njaga keprecayaane inyong. Ko malah sekiyene krung sing kaya kiye, jan..hhhhhhhh....."
Maryati merek njejeri sing lanang. Karo nyekel tangane Martono, dheweke ngomong, "Ya inyong njaluk pangampura, Pak. Inyong anana ya ngrumangsani luput gawe dosa aring rika. Sekiyene inyong wis neng umah ikih, wis kesanding deng rika. Inyong ora arep mbaleni maning ikih."
"Dadi mau kae ko takon inyong tau dolan klayaban apora kuwe jane ko arep kandhah sing padha baen, yah? Leeeehh..teyeng temen ko enggane. Dadi angger inyong jengkel ya ko dadi teyeng nyalahna inyong ya padha baen, kaya kuwe mbok? Leeeeeehhhh.."