Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Darpun Kewaregen

19 Desember 2011   04:49 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:04 387
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Ko ora ngrumangsani lupute neng ngendi? Kiyeh kaya kiye. Mau kae pas ko agi liwat ngarep umah kiye tolih inyong takon, "Pun, arep ngendi?" terus ko semaur, "Ajeng ngriku wetan". Terus inyong takon maning, "Biasane ko tolih ngepit. Deneng sih mlaku?" Njuran ko semaure kepriwe? Kepriwe?"

Darpun nglegeg. ADUHHHH!!! "Nggih, Pak. Kula ngrumaosi lepat. Nyuwun pangapunten."

"Pangampura tah barang gampang. Gampang! Inyong mung kaya desepelekna deng ko! Ko sih sapah? Inyong ora agi njaluk deajeni, ora agi njaluk desembah-sembah. Mung ujarkua ya nggulih semaur sing enak derungu! Apa inyong cokan penjorangan aring ko? Apa inyong tau gawe luput aring ko? Untung baen sih sing menangi inyong sing ngreti ko sedina-dinane. Enggane wong liya, kepriwe jajalen? Apa ko ora depaido? Apa ko ora dearani ngenyek? Detakoni bener-bener koh malah semaure kaya ora ngregani temen aring sing takon. Penjorangan ya penjorangan, tapi deleng dingin karo sapa. Aja kaya kuwe! NGERTI APORA?"

Darpun ora semaur. Ndengkul ora wani maning adu arep karo Pak Sandhur. Rokoke neng asbak ora wani dejikot. Latune wis dawa pisan. Bokonge krasa panas. Ngajog sekeliwat, Darpun mbatin, "Kiyeh kaya kiye carane wong sugih nggulih ngomehi. Sing ap deomehi kon wareg disit."

"Anggep-anggepe koh... Ora aring inyong ora aring sapa baen. Semaur "Arep MBRANGKANG isin" kuwe ora patut. Ora ngregani aring sing takon. NGERTI DAPURMU???!!! AJA MANING-MANING!!! WIS NGANAH LUNGA!!!"

***

___________

catetan: dopokan kiye dekarang sewise maca setatuse Pak Hudaya Soemarno neng group FB Guyon Banyumasan.

katuran panjenengane, maturnuwun ide-ne, mbok mboten mranani kula nyuwun pangapunten..

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun