Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Darpun Kewaregen

19 Desember 2011   04:49 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:04 387
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Darpun tambah gumun. Batine jere, "Kiye wong koh jan apik temen aring inyong." Madan rikuh deweke ndudut rokok seler maning. Rek deanyorna, Darpun sidane kelakon udud nyepur. Udud rong ler, ora tuku, nyambi ngopi pisan. Darpun atine gedhe banget. Peraupane katon padhang. "Wong sugih koh apik temen yah..enggane inyong dadi kuline tah kayane begya ndeyan", Darpun atine ngarep-arep.

Weruh dhayohe katon bungah, dhehem sepisan Pak Sandhur miwiti ngendika serius.

"Pun.. Inyong arep ngomong semending. Mbok mengko ana lupute ya inyong njaluk pangampura. Sukur ya ora dadi atimu."

Darpun sing agi kebungahen mangsuli, "Nggih, Pak. Mangga kersa. Pangampura kepripun sih, Pak..kula sing mesthine kedah maturnuwun sanget."

Jane neng batin Darpun madan deg-degan. Mbok menawane arep detawani pegaweyan.

"Kiye kaya kiye. Mesthine ko kaget tur ya gumun. Ora tau-taune koh ko tek ampirna dadi dhayoh, malah tek jek mbatiri madhang pisan. Inyong kesuwun ko wis gelem mangan pangane inyong, ora ketang lawuhe ya seanane kaya kae miki. Mbatiri udud kambi ngopi. Mbok menawane ko mau kae agi kesusu arep maring ngendi ya pangampurane ya?!"

"Mboten, Pak. Kula mboten kesesa ajeng pundi-pundi, koh. Malah kula jane lingsem sanget. Tiyang namung kados kula koh mpun wani maem ngantos kewaregen teng dalem mriki. Malah niki disukani ses kalih kopine sisan. Jan, estu kula sing maturnuwun sanget, Pak. Mbok Bapake ajeng dhawuh prentah ken napa mawon kula purun, Pak. Kula kepengin ndherek Bapake mawon, lah" Darpun wis kadung ngaturna pengarep-arepe. Mbokmenawane temenan ujare.

"Ya sukur angger kaya kuwe. Plekara ko arep melu nginyong tah gampang mengko angger ana pegaweyan ya ko tek celuk. Dina kiye tah inyong mung arep ngomongi ko pelkara liyane."

Darpun banget bungahe krungu deweke arep deceluk sewektu-wektu ana pegaweyan. Jere sekiyene arep deomongi plekara liyane, atine jane penasaran. "Nggih, Pak. Maturnuwun sederenge. Nuwun sewu, Bapake kersa ndangu kula prekawis napa nggih?"

"Kaya kiye. Mau kae sengaja ko tek ampirna, ya pancen ana mangsud lan tujuane. Sepisan inyong kepengin aweh pangan aring ko. Ora-orane inyong agi pamer panganan apamaning ngenyek aring ko. Sukur deneng ya wis kelakon inyong madhang bareng karo ko miki. Kepindhone, inyong arep nuturi aring ko supaya aja maning-maning mindho ping telu debaleni."

DEG!!! Darpun deg-degan. HHEEKKK!! Kukuse udud urung baen desebulna ndadak kapiselek. Tenggorokane krasa perih banget. "Nuwunsewu, kula salahe napa nggih?"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun