"Oalah, nembe ngerti aku", jawabe Mamet karo kaget ngerti kabar lockdown amarga virus Corona seng biyen mung ono nang Cina, seng rong wulan sakurunge mung dadi gunjingan saiki tiba-tiba wes tekan Indonesia.
 "La njuk, kuliahe dewe kepiye Dul?", pitakone Mamet karo kebingungan.Â
"Yo kayane si online. Repotlah. Aku si aman nek kuliah online nang kene, cedhak lan sinyal gampang. La kowe?"
"Nah iku Dul. Duh piye ya. La njuk kowe piye uripe nang kutho? Ibumu titip takon iki marang aku.",
"Yo kirimi duit nek iso. Utangmu nang aku yo kirim sisan. Ra mesakke kowe karo cah kos koyo aku iki? Wes mangan wae dihemat-hemat, eh malah Lockdown. akeh warung seng tutup iki."
"Yowes, kowe tenang wae, Ibumu tak lapori bariki. Wes ya.", omonge Mamet banjur nutup telpone.
Ra kroso wes sebulan Mamet nang omah wae. Kuliahe online, ben dino deknen nongkrong nang balai desa nyangking laptop kanggo garap tugas-tugas kuliahe. Pak Kades seng heran banjur nekani Mamet.
"Le, koe ki po ra kuliah nang kutho? Bapak titeni kok kowe ki sebulan iki nongkrong nang balai desa terus. Prei po kuliahmu?", takone Pak Kades.
"Lah, bapak niki pripun tho? Lockdown pak lockdown, wonten Covid-19. Kampusipun tutup pak, lha sementara niki kulo kuliahe online. Ngeten Pak Kades",
"Oola... kopid tho? Diapusi koe le...lee. Kopid iku ora ono. Iku konspirasi thok! Nek corona la bapak nembe percoyo!", Jawabe Pak Kades iku gawe Mamet nahan ngguyune.
"Hahaha.... pantes panjenengan boten kepilih malih Pak. Ing pencalonan RT mawon pun boten laku. Pak Kades... Pak Kades.", Mamet akhire ora iso nahan ngguyune. Â