"Heh, elingo, dewe kui saiki wes semester tuwek Met",
"Yo mudeng, saiki wes semester 11, apik ya angkane, kembar.", jawab Abdul karo cengengesan.
"Who lha Met Met, pantes koe ra lulus-lulus. Kucluk"
"Lha kowe kui yo podho, cuk"
Wong loro iku nyat nyeluk kancane dewe lambene ora toto. Jan wes watake, tapi pancen wes takdire. Awit SD ngasi kuliah malah bareng terus. Jurusane podo maneh, Bahasa Indonesia.
Abdul lan Mamet mikir, yen kuliah jurusan Bahasa Indonesia iku gampang. "Kan bendino nganggo Bahasa Indonesia. Wong Indonesia maneh, mosok raiso basane dewe?", ngono batine Abdul lan Mamet sakurunge kompak milih jurusan kuliah.
Ngasi wong loro iku akhire mudeng yen Bahasa Indonesia seng dikirane gampang iku udu barang sepele. Si Mamet dewe tau ngasi meh nggliyer. Pas kui deknen moco tulisane Khrisna Pabhicara nang Kompasiana. "Lha kok Bahasa Indonesia ngene iki? Ndak iki ono nang KBBI? Duh..duh..."
"Aku arep balik deso, amargo masku kae seng umure wes ameh 30 tahun arep mbojo", akune Mamet maring Abdul.
"Oalah, yen ngono koe kudu bali yo Met,"
"Laiyo to, yen ra bali suk pas aku mbojo masku wegah ngurusi nikahanku Dul"
"Lha kapan kui acarane?", takon Abdul marang Mamet.