"Setu sesuk, makane Kemis isuk budhal aku. Seng nyekel panitia aku soale.", wes dadi kahanane yen salah siji sedulure dadi manten, sedulur liyane seng dadi panitia. Aturan iku saiki bakale dirasakke karo Mamet.
"Lha nek ngono aku yo kudu mulih yo bro?", pitakone Abdul
"Koe gak usah, ngko ngentek-ngenteki pangan thok!"
"Asem i, nunut mangan we raole. Perbaikan gizi men, kapan maneh"
"Iyo kowe teko gapopo, tapi pas acara wae. Yen kowe teko ket lagan panganane entek sakurunge acara ngko"
"Jancuk, suudzon koe"
"Hahahahaha"
Karang wes dadi konco kenthel awit cilik, Abdul wes kenal apik karo keluargane Mamet. Malahan wes koyo dianggep anake dewe marang Bapak Ibune Mamet. Makane, Abdul ra mungkin melu sinoman, seng ono malah kon macit koyo sedulur-sedulure Mamet liyane.
"Yowes kono nek arep mulih tiati yo, suk aku nyusul wae.", pesene Abdul kanggo koncone, Mamet.
"Oke, Dul. Ojo kangen aku lho"
"Aku si ra kangen koe, tapi sakurunge koe mulih mbok utangmu disarutangi disik. Unine sesuk dibayar, iki wes sebulan utangmu maring aku rung mbok bayar lho nyet", omonge Abdul karo mendelik marang Mamet.