Ing jaman saiki, persahabatan sejati iku larang regane. Kajaba larang, yo angel entuke. Nanging, ukoro iku ora berlaku kanggo Mamet. Awit cilik, Mamet duwe konco kenthel jenenge Abdul.
Mamet lan Abdul asale seko Deso Sukakasihan. Omah wong loro iku ndilalah yo jejeran. Wong loro iku anggere dolan mesti bareng terus. Amarga kuwi, wong loro iku ngasi dikiro homo. La piye maneh, kuliah wae se-kampus. Ndilalah ngekos bareng. Untunge ora sekamar.
Mamet lan Abdul kompak nerusake pendidikan tinggi nang kutho Jogja lan entuk kos nang Kaliurang, jare men adem. Ing sawijining dina,
"Cuk, aku arep mulih deso", omonge Mamet marang kanca kenthele, Abdul.
"Cak cuk cak cuk, ra sopan banget kowe. Jenengku apik-apik Abdul je", jawab Abdul karo rodo emosi.
"Cuk kui panggilan persahabatan"
"Raimu kui, jancuk", jawab Abdul isih karo emosi
"La kui malah mbok tegesi", si Mamet malah seneng anggere koncone emosi.
Abdul lan Mamet. Yen omongan pancen ra toto. La piye maneh, awit jabang bayi ngasi saiki sekolahe bareng terus. Wong loro iku yo wes podo kenal watake.Â
"Koe ngopo bali Met? La po kuliahmu wes rampung? Iki wes bulan Maret lho", takon Abdul marang Mamet.
"Halah koyo koe wes mari wae."