Mohon tunggu...
Nabilah
Nabilah Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Kepribadian saya 3, sekian.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Saka Ati

17 Agustus 2023   20:09 Diperbarui: 17 Agustus 2023   20:13 297
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Mesakne yo Van, sing kelangan artane," pitutur Ameyra ten Vania. Arek kalih niku uga madosi bebarengan ing kelas. 

Tanpa kininten nalika mbuka tas e Ameyra, kok ing daleme wonten amplopan kang tebel, dadakne nalika dibuka isine arta kang kathah, diitung wonten 1 yuta. Vania kang mbuka tas e Ameyra niku, langsung kandha ten kabeh kancane, sakabehne langsung munih yen Ameyra niku maling. Kancane pada mboten percoyo, amargi Ameyra nduweni watak kang alus lan lugu. 

"Aku wedi nduwe kanca kang seneng maling ngene, gak nyangka rupa ayumu iku palsu," 

"Untung hp ku ora dijupuk," kanca-kanca sak kelase pada wedi lan langsung nuduh. 

Ameyra sing mboten nyolong niku, dheweke njelaske yen niki pada salah paham. Nanging kancane kabeh pada mboten percoyo. "Rek, aku wani sumpah, dudu aku sing nyolong, aku mulai wau ten perpustakaan." 

Kancane mboten percoyo, "Loh, kan kowe sing teka disekkan, aku ngerti yen awakmu butuh duit, tapi apa perlu ngene??" 

"Sumpah demi Gusti Allah kang Maha Kuasa, aku mboten ngelakune hal niki," Ameyra wes nangis amargi diseret-seret kalih kanca-kancane, digowo ten ngarep guru. Vania mung ndelengi tok, dheweke mboten ngewangi apa-apa maneh. "Aku dudu maling," bengokane Ameyra. 

Akhire Ameyra digowo ten guru, lan kancane pada gak seneng nang Ameyra. Ratu kang kelangan arta langsung bungah atine nalika artane ketemu. 

Sakwise kejadian niku, Ameyra nangis-nangis ing dalan, mboten wonten wong sijipun kang mbelani dheweke, Vania uga meneng wae. Dheweke ngrasa wes mboten gadhah kanca, dheweke uga isin mlebet sekolah, dheweke sampun njelaske kang jujur, nanging tetep pada mboten percoyo kabeh. 

Sampun seminggu, Ameyra mboten mlebet sekolah, lan dheweke uga mboten izin ten guru. Ibune uga bingung, anake niki kenapa, nanging Ameyra meneng wae nalika ditaken i. Ibune sampun masakno sing enak, tapi anake tetep mboten arep nedha. "Nduk, kowe ana masalah ing sekolah tah?" 

"Iki apa mboten napa-napa yen mboten mlebet sekolah? mboten diseneni gurumu tah?" Ameyra meneng wae, dheweke mboten gadhah mood kangge ngomong. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun