Mohon tunggu...
Nabilah
Nabilah Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Kepribadian saya 3, sekian.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Saka Ati

17 Agustus 2023   20:09 Diperbarui: 17 Agustus 2023   20:13 297
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Sawuse mangkono anggone ngenteni wong tuwane kondur, mboten bisa nahan ngantuk, lami-lami mripate merem, banjur ketileman. 

Alarm ten kamare mungel jam 04.00 esuk, Ameyra kaget, dheweke langsung tangi kangge nindakake ibadah lan liya-liyane. Wong tuwane dereng wungu, mesti kesel, penggalihne. Jam 06.00 Ameyra mangkat sekolah. Hawane esuk atis banget, dheweke nyawang dalan gedhe sing isih sepi. Yen awan, mesthi rame, macet sing nyebabake polusi ing ngendi-endi. Dheweke rumangsa matur nuwun banget bisa mlaku kanthi kahanan kang sepi, rasane ayem ing atine kang mboten tenang niku. 

Malih lan Malih, ing sekolahne ke dathengan saka Bimbel kang elit. Lan wektu niki ngrembug syarat-syarat mlebet PTN, lan sawetara babagan SNBP, SNBT, jalur mandiri, lan kuota kang dipendhet saka sawetara kelas. Ameyra males banget nalika sinau, dheweke ketagihan kaliyan teknologi ponsel.

“Kula males, padahal wektuku kangge upados mung setaun,” batine Ameyra. Ameyra pungkasane madosi cara kangge nggunakake wektu kanthi bener ing google kangge sinau, dheweke banjur duwe ide menyang perpustakaan kangge nyoba madosi buku pendukung pelajaran. Dheweke mung maca sawetara kaca, nanging dheweke rumangsa bosen, lan niki kang kudu diganti. Sawise kabeh, dheweke kedah meksa awake dhewe kangge owah-owahan, mboten mbokmenawi dheweke bakal kaya ngene terus. 

Mboten nyana ten mriku ana bocah yoga saka donatur sekolah yaiku Aura. Murid kang pinter lan sugih, dheweke uga dikenal amargi kapinterane. Iki sepisanan Ameyra ndeleng langsung, salebetipun sakniki dheweke ndeleng saka poster sekolah lan kiriman Instagram. Pranyata ayu banget, sampurna, tanpa noda.

Ameyra fokus ing buku, dheweke ora kudu mbandhingake uripe karo wong liya, sing jelas beda. Nanging, buku kang diwaca tiba, lan mboten sengaja Aura mbantu njupuk buku kasebut. Banjur Aura ngguyu banter, "Apa isih jamane sinau persiapan UTBK ing perpustakaan?" 

"Jaman sakniki uwes ora payu, akeh-akehne persiapan kuwi ing Bimbel les!" ora ana pakewuh Aura ngomong blak-blakan, ing kene ameyra ngrasa diremehake. piyambake ngadeg lan ngomong, "Sanadyan aku sinau dhewe, nanging aku yakin yen aku mesthi bisa mlebu Eligible." jelas, aura tansaya ngguyu. "Aja ngarep-arep, panarima beasiswa tetep kalah karo wong kang ber dhuwit!" Ameyra ora meneng wae, "Aja gumedhe dhisik, kejahatan gak ate kalah karo kabecikan!" ameyra saiki paham karo tembung "Aja mbiji buku saka cover e," jebul mengkene sipat asli saka anak panyumbang iku. ameyra langsung lunga, piyambake ngrasakake sedhih kang luar biasa, piyambake pancen ora ber dhuwit, nanging apa usahane arep kalah karo dhuwit iku??

Ing kene rasane piyambake pengin nyalahke dheweke dhewe, amarga piyambake males sinau, lan durung nglakoni usaha kanggo masa ngarepe. Sawise iki piyambake arep duwe tekad lan tenanan kanggo ngejar ketinggalane, piyambake arep mbuktekake menawa dheweke berhak bahagia, sanadyan karo dhuwit kang cilik. Karo raos sedhih, piyambake lumaku pinuju kelas, akeh bocah-bocah kelase nyawange ora remen. padahal wingi kahanane baik-baik wae, nanging saiki seje banget, embuh kaluputan apa kang piyambake tindakake.

Kancane kang jenenge Lala nekani Ameyra, "Hee, dadi bocah kang apik dong, sanadyan ora sugih, nanging minimal nduwe ati apik!" jarene Lala karo ngegas. Ameyra kang krungu bab iku langsung ngrasa kaget, "Sedhela, iki ana apa, aku ora tumindak kaluputan, nanging disalahake kaya iki!"

"Aja ethok-ethok ora ngerti, kowe kan mari ngilokne Aura kang jelek-jelek, kowe ora wedi ditokake saka sekolah?? dheweke anak pangaruh ing sekolah ngriki, tulung jaga sikap!" kanca sekelase serempak njawab kaya niku. "Loh kang ngatain dheweke sapa?? kang ana malah Aura ngasorake aku!!" bales Ameyra.

"Ana apa Iki??," jerit Vania, kang mari bali saka kantin, piyambake mangkono keganggu karo keributan iki. "Yen ana masalah dirampungake baik-baik, kelas awake dhewe iki dikenal karo solidaritase," 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun