Mohon tunggu...
Widi Asyari
Widi Asyari Mohon Tunggu... Guru - Guru SMA Bahrul Ulum Tambakberas Jombang

Saat ini mengajar di SMA Bahrul Ulum Tambakberas dan SMA Madinatul Ulum Mojokrapak Pernah belajar di Universitas Airlangga Jurusan Ilmu Sejarah, dan sempat berkecimpung di Teater Gapus Surabaya, mengikuti forum diskusi FS3LP Surabaya

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Kumpulan Gurit

29 November 2020   19:44 Diperbarui: 29 November 2020   19:59 291
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

Tandur

Yen tanem mlaku mundur

Kayangapa wong tandur pari
mlakune mundur
Apa ing ngarepan ana bebaya
Apa wedi marang dhuwure gegayuhan

Mundure kaya kundur saka paseban
Tandur kanthi pasrah
marang apa kang tinandur
Matun apa kang bakal terik ing sambikala
Ndiluk sungkem marang ibu bumi
Kang maringi dewi sri

Mejoyo Losari, 2019

Wiwit

Jebul awal bibit kawit
Panen pandum kasil kasembadan

Wiwit ing pojok kedokan
Pungkasan ing ara-ara amba

Jebul ing pepetengan
Ambyak ing pepadhangan

Tuwuh ing parak isuk
Mrisi ing rina munjuk

Tanduring pasrah
Methik ing kabegjan

Mejoyo Losari, 2016


Sluman Slumun Slamet
 Kagem Master Slamet A Sjukur

Agegaman swara
Langit kang madahi
Nabuh mega
Angin kang ngabari

Uni dadi wuni
Swara dadi nyata

Keputran pinilih dadi pasetran
Tinulis tanpa papan
Ing papan tanpa tulisan

Mejoyo Losari, 2019


Dol Tinuku

Sapa sing dodol
Sapa sing tuku

Iki dudu kulakan
Ya gak golek untung

Tapi atur rembug
Palaran saur manuk

Takon tukon kok tukar padu
Durung udu wis kebak idu

"Cak, mbulan ae ketok cak
Opo sampean arep na mbulan
Ya ayo cak, bareng na mbulan"

Mejoyo Losari, 2019


Unggah Ungguh

Jamane mbah kakung
Unggah ungguh kuwi winaris
Saka pituture mbah buyut
Kanggo rahayuning gesang
Ing tedhak-turune

Jaman saiki jamane unggah-unduh
Ngunggah macem-maceme perkoro
Ngunduh saakehe wohing pakarti

Merga unggah-ungguh
Wis gumanti unggah-unduh

Ngendi simbah ngendi guru
Sapa sing kudu digugu
Sapa sing kudu ditiru

Banjur Jawane ana ngendi
Dulur

Mejoyo Losari, 2019


Kala Semana

"Murah sandang pangan
Seger kuwarasan"

Radio muni rada kemresek
Gumantung antene kabel bekas
Ing remenge dilah ublik

Slepi ngancani
Mbrabat arume mbako cengkeh
Papir jagung lintingan cumepak
Sedhela maneh kumepul keluke

Ora ana pikir
Sing macem-macem
Ora ana graita
Sing ngaruara

Ing antarane tentrem lan tintrim
Ayem lan anyep

Swara radio campur kodok ngorek, lan gumrojog kali beng
jangkrik ngerik manjak ing kerlipe kunang
Dumadi tetembangan wengi
Ing Ngepung sak marine udan

Mejoyo Losari, 2019

Ujaring Jare - Jarene Jare

Ujare ngunu tibake ngene
Ujare ngene tibake ngono
Ujare ngono tibake nganu

Padang sinawangane ngunu
Peteng sinawangane ngene

Padang lan peteng
Amung cokro manggilingan mangsa
Koyodene angslupe wayah surup
lan tumekane seto parak isuk

Jo kaget ono sing ngunu
Jo gumun ono sing ngene
Mbah buyute yo wes podo menehi pameling eling
Mung ingsun-sira wae
sing nglali-lali setengah eling
(ndeng-ndeng nak) kala gendeng kala penak

Mejoyo Losari, 2019


Ning Ratan

Ning ratan
Uber-uberan
Kebut-kebutan
Senggol-senggolan

Kaya-kaya mangsa iki
mung sakethipan
Ora oleh telat
sanajan mung saklebatan

Pancene urip mung mampir ngombe
Ning rasah kesusu-susu
Surup durung angslup
Sore durung semende

Waton kelakon
Tumeko ing kawilujengan
Tan ana cidra
Tan ana cilaka

Mejoyo Losari, 2019


Jati Diri
 Kanggo Peputra

Yen dadi tunggak
Dadia tunggak jati

Jati pitu wilahan
Mring diri

Diri kang welas
Asih mring sesami

Welasing asih
Tumbaling nagari

Dados abdi
Sang murbeng dumadi

Manunggal ing Gusti
Manunggal ing sesami

Mejoyo Losari, 2019


Cekak Aos

Ana unta ngayawara

Thunakthunuk
Senaksenuk

Ginawa jenggot
Kabotan punuk

Mbenger-mbenger
Mbengok kiyamat

Ngucap takbir
Mung memanise bibir
Alok kapir
Tanpa pikir

Dodol plapah
Mung dadi sepah

Nora ngerti
Ing kene nora ana gurun pasir
Sing gampang kaukir angin

Mejoyo Losari, 2019

Sedekah Desa

Angaweruhi
Ambeng tumpeng, sego kuning,
sego golong, sego kabuli

Anjenengi
Jenang abang, jenang menir,
jenang sengkala

Anyumurupi
Palawija, pala pendhem,
pala gumandul

Angucap ujub
ijabing nagari
Panjang punjung pasir wukir
Gemah ripah loh jinawi
Tata tentrem karta raharja
Saiyeg saeka praya
Saiyeg saeka kapti

Tebih saking laku juti

Mugi dumadi

Tebih kang nyedhaki
Cedhak kang netepi
Teteping jaya
Jaya kang lestari

Mejoyo Losari, 2019

Rebut Balung

Ndadra saya ndadra
Ngendi balung ngendi sungsum
Rebut bener
Tanpa jejer

Tan semeleh
Tan ana jeleh
Nora ono ulat sumeh

Opo Pulo iki kudu kabagi ing saparone
Amung ngunu lan ngene
Opo nek ngunu dudu ngene
Opo nek ngene dudu ngunu

Wolak walike kosok balen
Saya digosok saya kelalen

Kasengsem marang reramen-ramen
Ramene rame mung rame ajang

Lali marang diri
Diri kang nyepi

Gung liwang liwung

Mejoyo Losari, 2019


Tembang Garingan

Nang neng nung
Ning nong
Ning nong ning gung

Tak getak
Njeplak
Mandah surak

Holobis
Kuntul
Podo modis

Ra jenak
Menggak
Malah Mrajak

Mejoyo Losari, 2019


Lemah Pasir Lemah Ing Parsi

Katone katon
keton-ketonen
Kabare kabar
ngambar ngemboro
Critone crito
Lebu katiup angin

Nora gumbiro nora kelayung
Sing ono amung kasunyatan

Kasunyatane urip tan ono ujar
Opo kanggone ujar
Yen mung kanggo ajure liyan

Nora kuwowo ujar
Amung pepengenan tumindak
kang sembodo ing sesami
Ing ngarsane Sang murbeng dumadi

Mejoyo Losari, 2019

Tapak Sikil ing Singkil

Nora ono angin nora ono udan
Lha kok ono obong-obongan

Anoman obong kuwi amargo ono prahoro
Dosomuko njupuk Sinta
Sinta-sinisihane Ngamarto

Sopo sing nyebul bakale njumbul
Mergo tapake sikil menehi pratanda
Ing lemah siti tirta kamandanu
Kang jinaga saka tumindak murko

Mejoyo Losari, 2015-2019

 

Lemah Pasir Lemah Ing Parsi

Katone katon
keton-ketonen
Kabare kabar
ngambar ngemboro
Critone crito
Lebu katiup angin

Nora gumbiro nora kelayung
Sing ono amung kasunyatan

Kasunyatane urip tan ono ujar
Opo kanggone ujar
Yen mung kanggo ajure liyan

Nora kuwowo ujar
Amung pepengenan tumindak
kang sembodo ing sesami
Ing ngarsane Sang murbeng dumadi

Mejoyo Losari, 2019


Ben Ngunu Ben Ngene

Ngunu yo ngunu
Ngene yo ngene
Ning nek nganu jo nganu-nganu

Ora ngunu yo ora ngene
Nek ngunu yo ra mesti nek ngene
Nek ngene yo ra mesti nek ngunu

Ono sing ngotot ngunu
Ono sing ngotot ngene

Nek wes podo ngotot, otot-ototan
Adu jotos adu petan
Ning ora ono dadu isine ketan

Sing ngunu ora sido ngunu
Sing ngene yo ra sido ngene

Sing ngono ra dinyono-nyono
Nek wes tumeko raiso diendo

Ujare ngunu tibake ngene
Ujare ngene tibake ngono
Ujare ngono tibake nganu

Padang sinawangane ngunu
Peteng sinawangane ngene

Padang lan peteng
Amung cokro manggilingan mangsa
Koyodene angslupe wayah surup
lan tumekane seto parak isuk

Jo kaget ono sing ngunu
Jo gumun ono sing ngene
Mbah buyute yo wes podo menehi pameling eling
Mung ingsun sing nglali-lali setengah eling
(ndeng-ndeng nak) kala gendeng kala penak

Ngunu yo eling
Ngene yo eling
Ngono yo eling
Nek nganu yo samestine kudu eling

Sing ngunu yo ayo podo ngunu
Sing ngene yo ayo podo ngene
Sing ngono yo ayo podo ngono
Sing nganu yo ayo podo nganu

Sesarengan
saiyeg saeko proyo
Tan ono wasongko
Tan ono curigo

Mejoyo Losari, 2019

Pitik Trondol Moto Sak Tedhok

Jrunthal jrunthul
Ceker ngurik
Pangrungon getap
tinemu pawarto

Pitik trondol sidik paningale
Ning nora ginawan kamulyan
Opo maneh kadigdayan
Ugo warisan saka panguwoso
Ananging amung kemul
Kemulan kasetyan

Amung biso nyawang
Amung biso anyekseni

Digitik sodo sak ulir wae
Kaget sumangere
Ndrodog jantunge
Rontog wulune

Pitik trondol amung ginowo cundrik kasabaran
Sing tumempel ono daginge
Amung rasa pangrasa
sing ono atine

Mejoyo Losari, 2019

Suriah Nyusur Tanpo Uyah

Segoromu pancen ireng
Telukmu pancen surem
Nanging mbah putrimu janjang jagat

Sopo sing nora kapincut riwayat sejarahmu
Sopo sing ora kapincut donya bandamu
Sopo sing ora kapincut sumanak bebrayanmu
Ananging sopo sing wani polah ing lemahmu
Surodiro jayaningrat lebur dening pangastuti

Kayadene Raden Wijaya lan Ardaraja ngenterne Mongolia lan Joyokatwang
sing ngayawara

Mejoyo Losari, 2015-2019


Tolikara

Tan bakal wuto lan tuli marang perkara

Selo nora panas yen nora mawa

Mung blekok rada pekok
Sing bakal melok
Mung kuntul mbegudul
Sing bakal adul adul

Tlatah kuwi tlatah sing kramat
Kramat dening Sumpahe Gajah Modo

Nora bakal pinisah ing Nuswantoro
Ing pangiming-iming emas
Sanajan sak gunung

Mejoyo Losari, 2015-2019

BIODATA:

Widi Asy'ari

Lahir di Jombang 29 September 1978. Pernah bergabung di Teater Gapus (2000 -- 2005), Guritnya pernah dimuat di Majalah Joyoboyo, Majalah Panjebar Semangat, majalah Damarjati dan Antologi Gurit Ilat Geni

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun