Radio muni rada kemresek
Gumantung antene kabel bekas
Ing remenge dilah ublik
Slepi ngancani
Mbrabat arume mbako cengkeh
Papir jagung lintingan cumepak
Sedhela maneh kumepul keluke
Ora ana pikir
Sing macem-macem
Ora ana graita
Sing ngaruara
Ing antarane tentrem lan tintrim
Ayem lan anyep
Swara radio campur kodok ngorek, lan gumrojog kali beng
jangkrik ngerik manjak ing kerlipe kunang
Dumadi tetembangan wengi
Ing Ngepung sak marine udan
Mejoyo Losari, 2019
Ujaring Jare - Jarene Jare
Ujare ngunu tibake ngene
Ujare ngene tibake ngono
Ujare ngono tibake nganu
Padang sinawangane ngunu
Peteng sinawangane ngene
Padang lan peteng
Amung cokro manggilingan mangsa
Koyodene angslupe wayah surup
lan tumekane seto parak isuk
Jo kaget ono sing ngunu
Jo gumun ono sing ngene
Mbah buyute yo wes podo menehi pameling eling
Mung ingsun-sira wae
sing nglali-lali setengah eling
(ndeng-ndeng nak) kala gendeng kala penak