Kahanan kaya ngono terus dilakoni Haris marang Ganis nganti pirang-pirang minggu. Wiwitane Ganis rada ora kepenak. Nanging alon-alon dheweke wiwit biasa malah rumangsa kepenak karo anane wong iki.
    Nganti sawijining dina. Haris ora katon maneh. Dheweke ora sms utawa nelpon Ganis maneh. Dheweke uga ora nemoni Ganis sawise kelas. Dheweke uga ora mapag Ganis maneh.
    Ing dina kapisan, Ganis katon ora peduli karo ora anane wong lanang iku. Nanging sawise dina katelu, dheweke wiwit kuwatir. Dheweke kandha ing awake dhewe, "dhek e ana ning endi? Apa dhek e wes kesel ana ning posisiku biyen?"
***
    Saiki wis seminggu, nanging Haris durung katon. Ganis wis ngirim pesen kaping pirang-pirang. Nanging nomere Haris kuwi sejatine ora aktif. Ganis kuwatir tenan. Banjur tindak menyang omahe Haris.
    Tekan kana, dheweke takon marang wong wadon setengah tuwa sing dadi ibune Haris. Tanpa basa-basi, ibune langsung ngrangkul Ganis lan ngomong, "wis ikhlas no wae, ndhuk. Dheweke wis lunga kanthi tentrem. Ngapunten dek mben ibu ora sempet ngabari kowe, ndhuk."
    Ganis kaget krungu omongane ibune. Dheweke ora percaya apa sing dirungokake. Banjur takon, "wiwit kapan, Bu?"
    "Wis ana sewulan ndhuk. Minggu wingi lagek patang puluh dinone."
    Ganis pancen ora ngerti apa sing kudu dilakoni. Awake krasa lemes. Dheweke mikir dhewe, "banjur sapa sing nemokake kunciku wektu iku? Sapa sing biasane nelpon aku? Sapa sing nemoni aku sawise kelas? Sapa sing gawene jemput aku ngajak mlaku-mlaku?"
    Dumadakan ibu njupuk amplop lan ngandika, "ndhuk, aku ketemu iki ning laci kamar e. Koyok e iki kanggo awakmu, ndhuk." Ing ngarep amplop ana tembung siji yaiku jenenge Ganis, Ganis Putri Lestari. Ganis banjur nampa amplop saka ibu iku lan wiwit mbukak.
    Ing njero amplop ana kertas tulis lan kalung liontin hati. Nalika mbukak layang, pranyata layang iku mung siji baris ukara. "Sepurane. Ngapunten, kula telat. Sepurane seng akeh. Aku tresna awakmu, Nis." Lan di pungkasi kanthi tandha tangan Haris ing pojok ngisor kertas iku.
    Awake Ganis krasa lemes. Sikile wis ora bisa nahan maneh. Pungkasane dheweke ambruk ing ngarepe ibu iku, karo ngrangkul surat kasebut. Alon-alon ana cairan putih bening mili metu saka kelopak mripat e.