Mohon tunggu...
Whera de
Whera de Mohon Tunggu... Mahasiswa - Mahasiswa

Menyukai semua tentang musik dan sastra.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Cerita Pendek Bahasa Jawa - Cerita Cekak Basa Jawa (Cerkak)

22 Desember 2022   12:00 Diperbarui: 22 Desember 2022   12:04 1403
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

       "Sepisan maneh, matur nuwun," ujare Ganis sing banjur cepet-cepet lunga. Nanging lakune mandheg nalika krasa ana wong sing nggegem tangan kiwane kanthi kenceng.

       "Enteni sek," ujare Haris.

       "Gineyo?" wangsulane Ganis sinambi nyawang Haris sing isek nggegem tangan e iku.

       Haris nyedhak lan ngomong, "Aku ngerti rasa iku isih ana." Ganis meneng krungu omongane Haris. Sak iso ne dheweke ngadohne ingetane soko mripat e Haris.

       "Jujuro, ora ana sing kudu kok dhelikne," ujare Haris kanthi swara lirih.

       Banjur Ganis ngomong, "nggo opo aku kudu mertahanke rasa sing ujung-ujunge gawe aku sengsara dewe?"

       Haris meneng krungu penjelasane Ganis. Banjur Dheweke ngucapake, "sepurane, Nis."

       Wong loro iku podo-podo meneng. Ganis getun banget karo perasaane. Dene Haris iku getun banget amarga biyen ora nate nggagas rasane Ganis marang dheweke.

       Haris banjur kandha maneh, "ijini aku nglakoni apa sing biyen kok lakoni ning aku."

       "Mangga," wangsulane Ganis cekak banget. Banjur dheweke kanthi paksa ngeculke tangane soko gegeman e Haris mau lan banjur lunga.

       Wiwit patemon mau, Haris pancen nindakake apa sing biyasane ditindakake dening Ganis biyen e. Dheweke tansah menehi perhatian marang Ganis. Kirimi pesan, masio ora mesti nampa balesan. Nemomi Ganis sawise kelas, sanajan mung kanggo ketemu sedhela. Ngajak mlaku-mlaku, senajan Ganis kerep ora gelem. Lan sing paling kerep ditindakake wong lanang iku yaiku ngomong, "aku tresna awakmu," marang Ganis. Masio Ganis katon ora peduli karo omongane.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun