Mohon tunggu...
Umi Sakdiyah Sodwijo
Umi Sakdiyah Sodwijo Mohon Tunggu... Full Time Blogger - Pengelana kata yang riang gembira

Pengelana kata yang riang gembira

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Ngapack Love Story#1

22 Desember 2015   19:29 Diperbarui: 22 Desember 2015   20:01 96
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Fiksiana. Sumber ilustrasi: PEXELS/Dzenina Lukac

Richie Metengi Wong Sekampung

 

Nawan, sing nembe sewulan nikah karo Richie kaget nganti meh semaput merga krungu kabar sing ora kepenak.

Udin : "Nawan, nyong krungu kabar jare Richie metengi wong sekampung mulane arep didemo warga!"

Nawan : "Apaaaa???!!!" (semaput)

Mbarang tangi, Nawan nggero-nggero guling koming nang njogan. Pas uluhe egen riwe-riwe, ujug-ujug Richie bali sekang kantor.

Richie : "Dek, ana apa kok nangis ngguling-ngguling kaya kuwe?"

Nawan : "Huhuhu... Mamas jahat!!! Jujugna nyong bali meng Ibune!!"

Richie : "Sabar... jane ana apa kiye? Ayo crita ndingin, Dek, aja kegawa emosi."

Nawan : "Mau Udin cerita jare Mamas metengi wong sekampung, terus arep didemo warga! Huhuhu..."

Richie : "Lha iya, Mamas kan kerja nang PLN, mau mati lampu, dadi gara-gara Mamas, kampung dadi peteng ndhedet!"

Nawan : "Oalah..."

Keterangan:

Metengi = menghamili/membuat gelap (makna ganda)

---

 

RAISA KETEMU

Awake nyong ndredeg. Cep klakep ora teyeng kemecap. Nang bathuke nyong sing jenong netes kringet sejagung-jagung. Karo les-lesan cangkeme nyong kemecap.

"Nggere pa? Andak hooh?"

"Temenan yakin! Nyong ora ngapusi!" jare Parjo karo ngangkat drijine loro. "Suwer tekewer-kewer pokoke!"

Nyong tah maune ora ngandel karo Parjo. Deweke kan maune kondang tukang mitro, tukang nggedubus. Omongane ra bisa digugu. Ading siki nyong kepeksa percaya.

"Yo siki tak jujugna ben yakin nek nyong ora nggedubus!" jare Parjo maning karo nggirit tangane nyong. Nyong ya kaya si thoklo milu nang mburine. Barang wis mlaku ana kira-kira limangatus meter, Parjo ajek mlebu meng njero umah gedong sing apik banget.

"Kiye umahe like Raisa. Mau Raisa nembe bae teka arep liburan nang kene. Nek pan ketemu karo Raisa, rewaangi ngecet pager ndhisit, karo mbedhuli suket!"

Semprul! tibane dilomboni Parjo. Hmmm... demi Raisa rapapa lah dadi tukang cat karo tukang mbeduli suket sing penting bisa nyawang rupane sing ayu ora ketang sekang kadohan.

 

Versi Bahasa:

Raisa Ketemu

Tubuhku gemetar. Diam seribu bahasa. Keningku yang selebar lapangan sepak bola menitik keringat sebesar biji jagung. Sempoyongan, bibirku berucap.

"Mosok sih? Yang bener?"

"Seriusan! Aku nggak boong!" kata Parjo sambil mengangkat dua jarinya. "Suer dah!"

Aku tadinya tidak percaya sama Parjo. Dia kan terkenal tukang bohong. Omongannya tidak bisa dipercaya. Tapi sekarang aku terpaksa percaya.

"Ayo sekarang aku antar biar yakin kalau aku nggak boong!" kata Parjo meyakinkan sambil menarik tanganku. Aku seperti kerbau dicocok hidungnya mengikutinya dari belakang. Setelah berjalan kira-kira lima ratus meter, Parjo mengajakku memasuki sebuah rumah gedung yang megah.

"Ini rumah omnya Raisa. Tadi Raisa baru saja datang mau berlibur di sini. Kalau mau ketemu dia, bantuin ngecat sama nyabutin rumbput!"

Semprul! Ternyata aku dikerjain Parjo. Hmmm... demi Raisa tak apalah jadi tukang cat dan tukang cabut rumput, yang penting bisa memandang wajah cantiknya walaupun cuma dari jauh.

 

---

 

Kangen MKD-an

 

Sewijining dina, Juki telpun kancane sing jenenge Parjo.

"Ana apa, Juki, kadingaren temen ngebel enyong?" pitakone Parjo sajak gumun.

"Ora ana apa-apa, Jo. Nyong mung kangen pingin MKD-an bae," semaure Juki nang gagang hape.

"MKD? Lha medeni temen si? Pengangguran kaya enyong apane sing arep dikorupsi?" semaure Parjo mandan wedi mbok menawa disidang temenan nang MKD (mahkamah kehormatan dewan).

"Hudu MKD sing kuwe, ading MKD singkatane Mangan Karo Deke! Hahaha...," jare Juki karo ngguyu latah-latah.

 

Njonggol, 22/12/2015

 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun