Daksikep bojoku mau karo tangisan wong loro. Embuh kudu sedhih utawa seneng. Sedhihe amarga kahanan kang kaya ngene, senenge merga bojoku tansah gemati lan setya kaya ngapa kahanane.
Sesuk-esuke, Sartini pamit golek lowongan. Aku amung bisa ngawasi eseme wayah pamitan karo mlaku metu banjur numpak pit montor dhewekan. Embuh bakal mengendi parake, aku mung bisa ndonga muga-muga Sartini oleh gaweyan sing lumayan, kaya kang dikarepake. Ora suwe saka budhale, Ningsih adhine Sartini kang omahe paling cedhak; mung beda kecamatan karo aku, mara tilik.
"Lha Mbak Tini pundi, Mas? Bojone lara malah ora ditunggoni ditinggal ana ngomah dhewe!"
Dakcritakake apa anane, menawa Sartini metu golek lowongan kanthi kekarepane dhewe.
"Oalah, ya uwis, Mas. Kabejanmu duwe bojo gemati, ora usah rumangsa salah. Bener omongane Mbak Tini, kabeh jenenge pacoban, njenengan ya mboten saget milih," aku manggut.
Sedina iki mau ana kanca lan tangga teparo kang tilik rene. Sukur ing ngomah ana kancane, Ningsih nunggoni aku nganti samulihe Sartini. Lumayan, ana sing gawe-gawe wedang menawa tamu teka. Agus, kancaku nukang uga mara. Ngepasi ora suwe saka tekane sore-sore, Sartini bali. Raine mrengut, jarene ora nemu pagaweyan kang kaya karepe. Anane lowongan mung jaga toko karo konter sing bayarane ora beda karo anggone melu njait, malah luwih sithik.
"Nek ngono mending awakmu njait wae ta, Ndhuk... kaya biyasane. Mengko yen kanggo berobat kurang-kurang golek silihan dhisik ya ora papa," karepku supaya Sartini rada ayem atine.
"Apa? Gawean? Yen momong sampeyan purun, Mbak? Urusan bayaran mengko gampang!" Agus nyela.
"Momong? Gelem, Gus. Yen ana."
"Kebeneran banget Mbakyu. Tanggaku ana sing butuh tukang momong. Yen gelem sesuk tak terna nyang omahe." aku lan Sartini seneng lan muji syukur.
Wiwit dina kuwi, Sartini melu tanggane Agus momong. Mangkat jam 9 mulih jam 2, ora suwe-suwe banget nanging gajine arep padha karo bayaranku nukang. Aku ya ora ngerti persise piye, mung ngrungokake saben dina critane Sartini. Kira-kira rong sasi Sartini kerja ana kana. Ngancik rong sasi, Sartini sambat awake ora kepenak, esuk-esuk mutah njur tak kon mrei anggone kerja lan sisan priksa. Ora kasangka, sakbare dipriksa jebulane Sartini ora lara, malah lekasan. Aku lan Sartini nangis, akhire aku bakal dadi bapak. Anak kang katunggu-tunggu sasuwene sangang tahun bakal ngisi omahku kang sepi.