"Dhuh, kayane patah tulang iki, Kang!" kandhane Agus.Â
Kancaku Si Slamet nelpon juraganku; kang nduwe omah kanggo ngabari yen menawa ana tukange kang lagi kena musibah, dheweke uga ngabari Sartini. Dene Riyadi lan Agus ngeterna aku menyang rumah sakit, boncengan telu.
"Lara, Kang?" Agus takon bola-bali sajak kuatir.
Sakbare kacilakan kuwi aku bingung. Pikirku, menawa aku lara kaya ngene aku ora bisa nyambut gawe. Terus bojoku kepiye? Aku ora tegel menawa Sartini sing kudu nyambut gawe dhewe. Kamangka jenenge lara patah tulang marine mesthi sasen ora bakal bisa mari seminggu. Lagi judheg-judheg e mikir ngerti-ngerti Sartini mlebu kamar.
"Mas... enggg... ngeten," Sartini kaya arep nembung nanging ora wani.
"Piye, Dik?"
"Mas, njenengan lak mboten saget nyambut damel. Nek ngoten angsal menawa Tini sing nyambut damel? Jajal mangkih kula pados lowongan napa pripun. Menawi ming tumut njait artane mboten sepinten, napa malih kan Mas Minto butuh sing kangge ngobatke niki," karo nudhingi sikilku.
Oalah, tambah kudu nangis atiku. Aku ora kepengen gawe Sartini rekasa.
"Aku njaluk ngapura ya, Dik. Satenane aku ora pengen gawe awakmu rekasa," mripatku mbrambangi.
"Mboten, Mas. Naminipun pacobi. Mboten napa-napa. Angsal nggih?"
"Ya uwis nak kuwi sing dadi karepmu. Ning na rungakna, aja luru gaweyan kang abot-abot banget," Sartini manthuk manut.Â