Mohon tunggu...
Tivana Fachrian
Tivana Fachrian Mohon Tunggu... Seniman - Coupleblogger

We wilt have poetry in our life. And adventure. And love. Love above all!

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Balung Cidra Bali, Ati Cidra Ginawa Mati

1 Juni 2020   01:39 Diperbarui: 30 November 2020   06:38 462
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.


"Dik, aku tak mangkat sik," karo mesem.


"Nggih, Mas. Ngatos-atos. Tak tunggu mengko ndang mantuk ya!"


"Halah, semelang yen kangen ha'a pora?"
Sartini ngguya-ngguyu.


"Wis kana gek budhal," sambi nyalami tanganku banjur diambung.

Aku mangkat menyang panggonku nyambut gawe, dina iki pasang kramik kurang rong ruangan tambah pasang plafon omah anyar sing daktandangi bareng kancaku wong lima. Ing tengah pagaweyan aku lan kancaku leren, liyane ngudud karo ngombe dene aku mbukak panganan sing digawani bojoku.


"Kang Suminto jam pitu madhang jam sepuluh wis nglikik," Agus ngece.


"Ngapa? Meri ta?" saurku karo nyomot mendhoan.


"Penak tenan ya, Kang. Duwe bojo ayu, tur pangerten, saben dina apa-apa dicawisna."


"Mulane, Gus. Ndang golek dhewe!" kanca-kancaku liyane melu nggasaki banjur dadi guyon gayeng banget. 

Agus pancen sing durung rabi dhewe, umure barang ya isih limang taun sangisorku. Dene aku telung puluh telu Agus umure lagi ngancik wolu likur. Sawise leren udhakara limolas menit aku lan kanca-kancaku nerusna gaweyan.

Aku lekas menek andha, ubet masang plafon karo Riyadi. Nanging nasib. Braaaak! Andha kang dakpanciki ngerti-ngerti tugel lan plafon kang dakcekel durung kepasang mau uga tiba ngenani awakku. Kanca-kancaku padha mara nulungi, kabeh bingung lan keweden. Sikilku sing krasa kemeng banget, wayah ditiliki katon ana balung kang mengsle ora sakpase.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun