Mohon tunggu...
Tiara Aulia
Tiara Aulia Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - pelajar

look at the stars

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Nala Biru

18 Agustus 2023   20:37 Diperbarui: 18 Agustus 2023   21:08 196
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Nala Biru
Dening: Tiara Aulia Ramadhanty

"Padang e" Nala ketangen amarga srengeng nyorot mripate. Nala mbuka hp nyadari ora ana notif apa apa. Nala langsung mudun teko kasur lan mudun mbantu ibune. "Bu, masak opo?" Nala marani ibune karo nguncit rambute. Nala langsung njupuk lading lan brambang bawang, terus dionceki. "Bu, aku ngko bengi metu ngopi karo kancaku" Nala nuwun ijin marang ibune, "karo sopo wae nduk?" takone ibu, "karo arek arek bu, karo Resa, Fira, Bila" jawab Nala, "yawis pokok ojok moleh bengi bengo, eleng jam" jarene ibu, "loh, yo tak moleh isuk" guyon Nala marang ibu. 

Nala lanjut mbantu ibu masak, lan kora kora. Sakwis e iku Nala langsung adus amarga wis ngrasa pliket karo kringet e. Sakmarine adus Nala surian ing kamare, "pipipipupipip~" hpne Nala muni, tibane Bila telfon. "kenopo Bil?", "La, ayo ngko terno aku golek kado sakdurunge budal ngopi, awakmu bareng aku kan?" ajake Bila, "wenaakk, kado gawe sopo Bil, cowokmu ta?", "ahaha iyo La, ngado opo yo?" takone Bila, Nala njawab "kaos ae Bil", Bila setuju lan nutup telfone. 

Awan iku Nala nyoba main game online amarga Nala bosen ora ana kegiyatan. Saksuwene main game sampe Nala lali wektu, akhire wayah sore teko. Sore iku Nala maem, adus lan siap siap. Pas Nala lagi siap siap ana wong dokdok lawang omahe "Nalaaaa, iki Bila" tibane iku Bila sing nyusul Nala arep golek kado disik sakdurunge ngopi karo kanca liyane. Akhire Nala lan Bila budal golek kado muteri toko toko sing ana ing njero mall nganti wayah bengi.

Sakwis e Nala lan Bila muter golek kado, Nala lan Bila budhal ngopi nyusul kancane ing panggon kopian. "Akhire teko, wis oleh kado ta arek ayu iki?" guyon e Resa, "haha.. oleh Res, dipilihno Nala iku mau" jawabe Bila, "oalah.. iso milih kado Nala iki, kapan iso golek pacar La? ahaha" Fira nyaut, "halah ojo kesusu Fir, sabar, wong sabar pacare bagus" jawabe Nala. Resa, Bila, Fira lan Nala cerito cerito lan geguyonan karo nyantai ngrasakake angete kopi bengi iku. Sampe jam nduduhake jam 9 wengi wayahe Nala lan kanca kancane bali. 

Nala bali diterno karo Bila menyang omah. Sampe ing omah Nala langsung resik resik supaya turune penak lan resik. Tapi bengi iku Nala ora langsung turu, Nala nyempetno main game online sing dimainno awan mau. Pas Nala main iku Nala ketemu kanca anyar jenenge Biru. Biru seneng ngajak Nala guyon pas main game, guyonan apa wae bisa nggawe Nala ngguyu. Ora krasa Nala dolanan game sampe tengah wengi. Nala pamitan menyang Biru arepe turu, nanging sakdurunge Nala turu, Biru njaluk nomere Nala, "mengko nek arepe dolanan maneh, ben gampang ngajak e" jarene Biru. Nala lan Biru ijol ijolan nomor hp. Sakwis e iku Nala mateni lampu lan mapan turu.

"Ting.. Ting.." suara hp iku nggugah Nala tangi. "sopo se iki?" takone Nala ing njero ati. Tibane ana notif teko Biru. "Nalaaa" "durung tangi ta?" chat e Biru. Nala ngewoco karo isih ngantuk. Nala mudun langsung raup, lan mbales chat e Biru. Saksuwene Nala lan Biru chatan cerita cerita, geguyonan lan kenalan luwih jeru, jebule Biru iki isih cedak karo omahe Nala, masio ora sak kutho, nanging isih cedak. Sangking kenaken chatan, Nala lali mbantu ibune sampe ditimbali ibune diutus kora kora. 

Nala pamitan menyang Biru yen arep mbantu ibune, nanging sakdurunge Nala mbantu ibune Biru semayanan karo Nala, "La, mengko yen wis mari awake dewe dolanan game bareng ya? Karo telfon pisan ya?" ajake Biru, Nala setuju lan cepet cepet ndeleh hp langsung mudun mbantu ibune. Nala mbantu ibune karo mesam mesem ngrasakake bungahe atine, "ana apa to nduk?" takon ibune, "orapapa bu" jawabe Nala karo mesam mesem. Nala langsung cepet cepet ngrampungake tugas mbantu ibune supaya bisa dolanan bareng Biru. 

Sakwise bantu ibune Nala langsung maem, adus lan mbuka hp kanggo ngabari Biru, "Biruuu, aku wis rampung, ayo dolan" Nala nagih lan ora sabar. Biru njawab lan akhire dheweke dolanan bareng. Akhire dolanan game dadi hobi lan kebiasaane. Sedina dina yen Nala ana waktu senggang ngajak Biru dolanan.

Rong sasi liwat, Biru ngendhelke kanggo ngajak Nala ketemu, amarga Biru wis yakin karo hubungan kekancan cedak karo Nala sing padha cocoke.

"Nala, kapan kowe ana wektu?"
"aku isih preian kok, ana apa to? Arep dolanan ta? Ayo aku saiki iso kok"
"ora La, anu... arepe ngajak ketemu, yen kowe ana wektu aku iso siap siap kanggo tuku tiket"
"loh loh, kapan yo, sabtu ngarep ta? Utawa kapan?"
"iyo La, sabtu ngarep wae yen ngunu, arep tak gawake oleh oleh ta? Kowe arep opo? Kripik? Kelinci?"
"ahahaha kok iso isone kelinci, ora usah wis, sing penting ora ana opo opo ing dalan"
"hehe sopo ero La, yawis ya, tunggunen aku"

Wayah bengi Nala lan Bila, Resa, Fira telfonan ngajak ngopi. "ayo kapan dheweke iso ngopi maneh?" takone Resa, "aku iso terus pokok ora sabtu ngarep iki" jawabe Nala, "dungaren sibuk, ana sing ngajak ketemu iki koyoke" saute Resa, "sopo iku La?, mbok ya dikenalno" Bila penasaran, nanging wektu iku Nala ora njawab amarga isih isin arepe cerita. Nala ngalihno omongane kancane, "mben wae ngopi, aku lagi ora ana duit, bayarono ya mengko yen ngopi ahahaha" Nala guyon marang kancane. Akhire dheweke kabeh ora sido ngopi amarga sibuk dhewe dhewe. Nala bengi iku wis mikirke arep nganggo klambi sing apa. Nala langsung mbuka lemari lam milih milih klambi sing cocok kanggo ketemu karo Biru. Ora kesusu Nala milih klambi sing pas, akhire Nala bisa nentuno klambi sing endi sing menurute cocok.

Dino sabtu teko, dino sing dienten enteni Nala. Nala tangi isuk langsung mbantu ibune lan nyempatno pamitan "bu mengko awan aku metu ya menyang stasiun njemput kancaku", "kanca adoh ta nduk?" takone ibu, "iyo bu, mengko awan aku njemput", "yawis ati ati nduk" pesen e ibu. Nala bungah atine amarga diijini karo ibu, langsung nambah semangate Nala kanggo mbantu ibu. Sakwis e mbantu ibu, Nala adus, maem lan siap siap. Nala ora sabar nganggo klambi sing apik lan ora lali macak sing ayu. 

Awan iku arep budhal golek hadiah kanggo kenang kenangan yen Biru wis bali. Jam 11 awan Nala budhal menyang mall. Sampe ing mall Nala arep numbasno Biru golekan pajangan kanggo Biru. Nala muteri mall sampe lali jam yen wektu iku Biru meh nyampe teko stasiun. Nala cepet cepet golek apa sing dikarepake lan takon marang Biru "Biru, milih o ya arep sing endi", "loh, ora usah nggawa apa apa La" Biru nolak, nanging Nala isih meksa Biru milih, "milih o ayo, aku meksa loh iki", "yawis pilihno wae La, aku gelem yen kowe sing milih" jawabe Biru. 

Nala bingung nanging Nala eling yen wektu wis mepet. Nala cepet cepet milih mbayar, lan mlayu menyang parkiran. Nala ngebut ing dalan karo mikirno Biru, yen Biru wis tekan disik. Akhire Biru tekan disik nanging Nala ora telat pisan. Biru lan Nala teko bebarengan.

"Biru!"
"Nala!"

Biru lan Nala akhire bisa ketemuan. Nala mlayu nekani Biru "Biru, wis suwe ngenteni ta?", "ora La, aku tas tekan kok, santai wae hahaha, sampe ngos ngosan kowe, ayo lungguh disik" ajake Biru. Nala lan Biru lungguh, Biru langsung nyeritakake perjalanane mau. Nala ngrungokake lan takon takon kahanane ing sepur. Sakwise Biru cerita, Nala ngajak biru menyang Mall lan ngajak Biru maem ing kana. Sampe ing mall, Nala langsung ngajak Biru golek maem sing Biru pingin. "maem iki arep ndak La?" Biru nawakake, "maem iki ta? Ayo pesen" ajake Nala. Nala lan Biru pesen maem, nanging wektu bayar dheweke rebutan bayar maem,

"aku wae sing bayar, Biru"
"aku wae La"
"yawis lah, aku mengko sing bayar ngombene ya"

Sakwise pesen maem lan ngombe, Nala lan Biru lungguh. Sedawane wektu ngenteni pesenane teko, Biru ngajak Nala cerita kebiasaane Biru wektu preian. Nala antusias ngrungokake ceritane Biru. Sangking kepenake Biru cerita, Biru ngrasa wektu iki paling pas kanggo ngomong perasaane karo Nala. Masio grogi, Biru tetap ngendhelake dhirine

"Nala"
"iya Biru?"
"Biru eruh, Biru ora suwe kenal karo Nala, nanging Biru ana rasa marang Nala"
"Biru, Nala ngrasakake rasa sing podo karo sing Biru rasake"
"tenan La?" bungahe atine Biru, ora sadar Biru ngucapno "Nala gelem ngancani Biru seteruse?"
Nala kaget, rasane kaya oleh doorprize, Nala nrima karo apa sing diucapke Biru.

Detik iku, Nala lan Biru podo podo nduweni kejawiban kanggo njaga perasaan, lan podo podo ngerteni. Hubungan iki mung ora sewates status, nanging ana kewajiban sing kudu dilakoni supaya bisa ngasilake hubungan sing sehat lan bisa digawa ing masa depan.

Wayah sore teko, Biru diterno Nala menyang stasiun amarga meh wektune jadwal sepur e Biru.
"Nala, semangat ya sekolah e, Nala kudu kuat" pesen e Biru. "Biru, semangat pisan ya, Biru sing kuat, yen ana apa apa cerita marang Nala".
Akhire dheweke pisahan. Nala lan Biru ngawe awe tangan ing adohan. Nala lan Biru bali menyang omah dewe dewe. Masio dirasa abot amarga kehalang jarak, nanging perasaan bakal tetap bisa dirasake ing adohan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun