Wayah bengi Nala lan Bila, Resa, Fira telfonan ngajak ngopi. "ayo kapan dheweke iso ngopi maneh?" takone Resa, "aku iso terus pokok ora sabtu ngarep iki" jawabe Nala, "dungaren sibuk, ana sing ngajak ketemu iki koyoke" saute Resa, "sopo iku La?, mbok ya dikenalno" Bila penasaran, nanging wektu iku Nala ora njawab amarga isih isin arepe cerita. Nala ngalihno omongane kancane, "mben wae ngopi, aku lagi ora ana duit, bayarono ya mengko yen ngopi ahahaha" Nala guyon marang kancane. Akhire dheweke kabeh ora sido ngopi amarga sibuk dhewe dhewe. Nala bengi iku wis mikirke arep nganggo klambi sing apa. Nala langsung mbuka lemari lam milih milih klambi sing cocok kanggo ketemu karo Biru. Ora kesusu Nala milih klambi sing pas, akhire Nala bisa nentuno klambi sing endi sing menurute cocok.
Dino sabtu teko, dino sing dienten enteni Nala. Nala tangi isuk langsung mbantu ibune lan nyempatno pamitan "bu mengko awan aku metu ya menyang stasiun njemput kancaku", "kanca adoh ta nduk?" takone ibu, "iyo bu, mengko awan aku njemput", "yawis ati ati nduk" pesen e ibu. Nala bungah atine amarga diijini karo ibu, langsung nambah semangate Nala kanggo mbantu ibu. Sakwis e mbantu ibu, Nala adus, maem lan siap siap. Nala ora sabar nganggo klambi sing apik lan ora lali macak sing ayu.Â
Awan iku arep budhal golek hadiah kanggo kenang kenangan yen Biru wis bali. Jam 11 awan Nala budhal menyang mall. Sampe ing mall Nala arep numbasno Biru golekan pajangan kanggo Biru. Nala muteri mall sampe lali jam yen wektu iku Biru meh nyampe teko stasiun. Nala cepet cepet golek apa sing dikarepake lan takon marang Biru "Biru, milih o ya arep sing endi", "loh, ora usah nggawa apa apa La" Biru nolak, nanging Nala isih meksa Biru milih, "milih o ayo, aku meksa loh iki", "yawis pilihno wae La, aku gelem yen kowe sing milih" jawabe Biru.Â
Nala bingung nanging Nala eling yen wektu wis mepet. Nala cepet cepet milih mbayar, lan mlayu menyang parkiran. Nala ngebut ing dalan karo mikirno Biru, yen Biru wis tekan disik. Akhire Biru tekan disik nanging Nala ora telat pisan. Biru lan Nala teko bebarengan.
"Biru!"
"Nala!"
Biru lan Nala akhire bisa ketemuan. Nala mlayu nekani Biru "Biru, wis suwe ngenteni ta?", "ora La, aku tas tekan kok, santai wae hahaha, sampe ngos ngosan kowe, ayo lungguh disik" ajake Biru. Nala lan Biru lungguh, Biru langsung nyeritakake perjalanane mau. Nala ngrungokake lan takon takon kahanane ing sepur. Sakwise Biru cerita, Nala ngajak biru menyang Mall lan ngajak Biru maem ing kana. Sampe ing mall, Nala langsung ngajak Biru golek maem sing Biru pingin. "maem iki arep ndak La?" Biru nawakake, "maem iki ta? Ayo pesen" ajake Nala. Nala lan Biru pesen maem, nanging wektu bayar dheweke rebutan bayar maem,
"aku wae sing bayar, Biru"
"aku wae La"
"yawis lah, aku mengko sing bayar ngombene ya"
Sakwise pesen maem lan ngombe, Nala lan Biru lungguh. Sedawane wektu ngenteni pesenane teko, Biru ngajak Nala cerita kebiasaane Biru wektu preian. Nala antusias ngrungokake ceritane Biru. Sangking kepenake Biru cerita, Biru ngrasa wektu iki paling pas kanggo ngomong perasaane karo Nala. Masio grogi, Biru tetap ngendhelake dhirine
"Nala"
"iya Biru?"
"Biru eruh, Biru ora suwe kenal karo Nala, nanging Biru ana rasa marang Nala"
"Biru, Nala ngrasakake rasa sing podo karo sing Biru rasake"
"tenan La?" bungahe atine Biru, ora sadar Biru ngucapno "Nala gelem ngancani Biru seteruse?"
Nala kaget, rasane kaya oleh doorprize, Nala nrima karo apa sing diucapke Biru.
Detik iku, Nala lan Biru podo podo nduweni kejawiban kanggo njaga perasaan, lan podo podo ngerteni. Hubungan iki mung ora sewates status, nanging ana kewajiban sing kudu dilakoni supaya bisa ngasilake hubungan sing sehat lan bisa digawa ing masa depan.
Wayah sore teko, Biru diterno Nala menyang stasiun amarga meh wektune jadwal sepur e Biru.
"Nala, semangat ya sekolah e, Nala kudu kuat" pesen e Biru. "Biru, semangat pisan ya, Biru sing kuat, yen ana apa apa cerita marang Nala".
Akhire dheweke pisahan. Nala lan Biru ngawe awe tangan ing adohan. Nala lan Biru bali menyang omah dewe dewe. Masio dirasa abot amarga kehalang jarak, nanging perasaan bakal tetap bisa dirasake ing adohan.