Mohon tunggu...
Taufan Satyadharma
Taufan Satyadharma Mohon Tunggu... Penulis - Pencari makna

ABNORMAL | gelandangan

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Nglinting Kerono Kebutuhan, Sanes Keinginan

17 Juni 2020   16:28 Diperbarui: 17 Juni 2020   16:29 395
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
picture by thinkway.id

Rino wengi kala malam minggu 6 Juni 2020, Maneges Qudroh ngawontenaken rutinan sinau bareng wulanan wonten ing griyanipun Mas Entong, Dusun Pletukan, Tempuran Magelang. Ndalu punika kahanan sampun sekedhik gerimis ugi marai kuwatir para penggiat amargi mboten sedoyo griyanipun Mas Entong wonten payonane. Nanging amargi rahmatipun Gusti Pangeran, pekempalan ndalu punika mboten sios jawah, malah ugi saged nyiptakaken situasi ingkang enggal.

Masiyo kahanan mboten nganjurke tiyang-tiyang sami kempal kerono virus Corona, sanadyan menawi disawang ketingal ndableg, nanging sedoyo sadherek ingkang kempal tetep sami njogo rasa lan sami njogo rasa aman tumrap tiyang sanesipun. Kahanan ndalu puniko nggih dirawuhi kaliyan Bapak RT lan warga kampung sekitar, dados acara sinau bareng mboten marai cemas lingkungan Dusun Pletukan.

Sekitar wekdal 20.30 WIB, Mas Yuli ngwiwiti maos kitab Al-Qur'an kagem pratondo acara bedhe dipun mulai. Sesarengan taddarus punika, para wargi kampung ketingal sami ngrawuhi griyanipun Mas Entong. Mungkin sampun dangu, acara-acara kados ngeten sampun jarang dipunacaraken. 

Rasa kangen saged mirengake pengaosan utawis wirid sesarengan mungkin dados salah satunggale faktor nderek sinau bareng. Banjur taddarusan, wonten pentas tunggal Mas Yanuar (Cuwil) ingkang mbetakaken lagu sholawat. Wirid lan sholawatan (Wirid Munajat Maiyah) ugi diwaos sesarengan dipimpin kaliyan Mas Munir.

Tema sinau bareng Maneges Qudroh inggih punika Nglinting Kahanan. Amargi wabah Coronavirus, kathah ingkang goyah perekonomianipun. Ingkah kilangan pendamelan, ingkah usahanipun bangkrut. Kahanan punika, khususipun kagem tiyang ngeses/ngrokok, kedah pinter-pinter ngakali kondisi punika. Salah sawiji ingkang ketingal inggih punika nglinting mbako supados tetep saged ngebul.

Mas Virdhian ingkang moderati acara sanjang menawi nglinting punika mboten mesti kerono mboten kagungan arto kagem tumbas rokok bungkusan, amargi rencang-rencangipun Mas Virdhian nggih kathah ingkang sami nglinting padahal gadhah pendamelan ingkang tasih cetho. 

Nyatanipun, piturut Mas Virdhian tiyang ingkang mulai nglinting punika lomane luwih dhuwur tinimbang sakderenge nglinting. Nglinting punika saged nglatih sikap sabar lan tuma'minah. Umpami biasane langsung tinggal nyumet geni, menawi nglinting kedah enggal ngracik mbakonipun rumiyin.

dokpri
dokpri
Ngawiwiti Sinau Saking Dakwah (Idak-Idak Sawah)

Gus Kholil ingkang dados narasumber ndalu punika sampun gadhah hobi pertembakauan kirang lantun sampun 7 tahun. Salah satunggale pengasuh Pondok Pesantren niki, ngrasakaken bingah saged nderek pengaosan model Maiyah ngoten niki. Utaminipun kala saged sesarengan maos Wirid Munajat. Piturut Gus Kholil, wirid punika sampun ampuh banget umpami badhe diagem nglinting kahanan ingkang rodo mboten cetho.

Gus Kholil ngawiwiti menawi tiyang wafat punika sanes maknanipun kaliyan tiyang sedo. Piturut Gus Kholil, wafat inggih punika sampun rampung utawi selesai nindakaken tugas dados manungso. Mila wafat punika guru kasejaten ingkang dados pangeling nalika numindakake sedaya lelampahan wonten ing kegesangan. 

"Lilo nopo mboten kulo ndadekaken njenengan sedaya sadherek?" tanglet Gus Kholil dateng jamaah. "Kulo bersyukur sampun dugi mriki, pertama tepang langsung ting majelis Maiyah. Saestu bingah sanget kulo." Lajengipun.

Criyosipun Gus Kholil, beliau rumiyen ngrokok sedinten saged nelasaken 3 bungkus rokok sinambi kopi sembarang. Dumugi ing salah satunggaling wekdal, watukipun ngantos medal getihipun. Banjur lajeng kahanan kados ngoten, Gus Kholil mboten langsung seged mandheg ingkang ngrokok, justru nyobi rokok herbal ingkang metode penjualanipun kados MLM menurut beliau. Lan dipun pungkasi amargi namung betah kirang langkung 1 tahun.

Kerono beliau tiyang santri, wonten salah satunggalipun materi ingkang ngelmu babagan dakwah. Nanging, angen-angenipun Gus Kholil ting jaman semonten sampun warni-warni, utaminipun angen-angen samar menawi awake piyambak tasih kathah lentunipun. Ketimbang milih dakwah ingkang kathah dimaknai kathah ngaturi wicara, Gus Kholil malah milih dakwah ingkang nggadahi makna idak-idak sawah.

Nah, saking idak-idak sawah punika, ndilalah wonten mriku kathah ingkang sami nderek kempal. Wiwit saking kempalan wau Gus Kholil ngelmu mbako, amargi kathah tiyang-tiyang ingkang sami mbetho mbako lan nglinting piyambak menawi badhe ngeses. Salah satunggalipun tradisi santri inggih punika nglinting. 

Santri punika menurut Gus Kholil mboten pinter, nanging elek lan bodo. Kenopo? Amargi santri niku ngrumangsani, banjur ngertos elek lan bodone piturut beliau. "Arep andhap asor piye? Wong wes asor." Sanjang Gus Kholil mungkasani maknanipun santri.

Maneges Qudroh versinipun Gus Kholil

Wonten istilah ingkang diparingi kaliyan Gus Kholil kagem ngumpamakaken kahanan tiyang ingkang ngrokok. Kaping pisan kagem tiyang ingkang nglinting; minal aidzin wal faidzin, tegesipun mbalik bejo malih tur nggih sehat lan hemat. 

Kaping kalih kagem tiyang ingkang mboten ngrokok; minal salimin, tegesipun tiyang ingkang slamet. 

Kaping tigo kagem tiyang ingkang ngokok pabrikan; minal khosirin, tegesipun tiyang-tiyang ingkang rugi. Rugi punika mboten banjur wonten niat badhe nglarang tiyang ingkang tasih ngrokok bungkusan, amargi rokok nggih kados dhaharan, tergantung kalih selera lan cocok-cocokan. Gus Kholil namung nambahi ting pungkasan, "durung nglinting berarti durung entuk hidayah." Sinambi geguyonan.

Ngelmu niku titen, titen punika nggih ngelmu. Maneges niku kata punopo tembung ingkang ting lebetipun mangku proses. Sami kaliyan lintingan kang pungkasipun mesti dicecek banjur dados tegesan. Tiyang-tiyang sepuh rumiyen menawi udud klembak menyan mboten tau ditelaske. Amargi tegesan udud klembak menyan kolo wau gadhah kualitas ingkang sae.

Tegesan punika barange, maneges inggah punika prosesipun, lan teges punika kagungan makna nilai. Menawi Maneges Qudroh punika nyelarasaken proses wonten ing Qudroh (kekuasaan Gusti Pangeran). Maneges Qudroh inggih punika proses ingkang mboten enten rampunge, minangka sampun wafat. Amargi kaparingan kekuasaan kaliyan awak piyambak niku kalebet wonten ing jihad akbar, proses ingkang dibolan-baleni kagem tiyang ingkang tasih kaparingan urip.

dokpri
dokpri
Nglinting Kebutuhan, Sanes Keinginan

Tembang lagu musikalisasi puisi "Sekuntum Layla" lan "Sajadah" dados selingan supados proses sinau bareng wonten jedanipun. Hiburan punika dibatakaken kaliyan Mas Munir ingkang kolo wau nderekke jamaah wirid sesarengan. Suaranipun Mas Munir ingkang sae saged maringi nuansa supados mboten umep ingkang mikir, sinambi bebrayan kalih tiyang sakkiwo-tengenipun.

Sedoyo ilmu kolo wau mboten kedah migunani kajaba dereng mlebet wonten ing manah. Kapendet saking ngendikanipun Kanjeng Nabi inggih punika, "innamal a'maalu binniyah." Sedoyo laku ngelmu punika tergantung kaliyan niat. Sedoyo laku ngibadah syarat utaminipun niat, lan niat ingkang tulus punika syarat utaminipun sampun manggen ing manah.

Nglinting punika umpami namung keinginan, nderek konco-koncone mesti mboten saged awet, amargi dereng saged tulus niatipun nglinting. Benten kalih tiyang-tiyang ingkang sampun biasa nglinting. Mulo, niat niku menawi saged kagem tiyang ingkang udud mboten namung mergo pingin, nanging sampun kabutuhan. Ting ensiklopedia kretek, mbako niku khasiatipun nggih saged dados obat kagem tyang ingkang sesek, lan tasih kathah malih manfaatipun. Kerono sae punopo mboten mbalik malih wonten ing noto niat.

Wonten ing pungkasan acara, jamaah diparingi wekdal umpami wonten pitakonan. Mas Mukti, salah satunggale jamaah tanglet menawi rokok bungkusan niku ingkang marakke bahaya nopo? Gus Kholil maringi perso, mbako niku mboten saged kagungan rasa ingkang sami persis. Mbakonipun sami, lahanipun benten, niku rasane mpun  benten. 

Masiyo saking mbako, lahan, lan ingkang nandur tiyangipun sami, nanging umpami dilinting satunggal kalih liyane dereng mesti kagungan ingkang sami persis. "Nanging, kenopo rokok bungkusan saged kagungan raos ingkang sami? Nopo sing marakke penyakit niku?" tanglet Gus Kholil kaliyan jamaah. "Amargi enten saus e utawi obat sing dadosaken raos punika sami."

Wekdal sampun klewat saking jam satunggal, acara sinau bareng punika lekas dipungkasi lagu Shohibu Baiti. Nanging sedherek-sedherek lan Gus Kholil mboten terasan wangsul malah diterasakaken ngobrol-ngobrol dumugi enjing. Mungkin, bebrayan kempal kados ngoten sampun dikangeni kagem sedoyo ingkang betah wonten ing kahanan virus ingkang mbebayani. Mugi-mugi sedoyo keslametan, kewarasan, lan kamulyan kaparingan kagem sedoyo sedulur-sedulur ingkang kagungan niat sinau sesarengan. Matursuwun.

Pletukan, 7 Juni 2020

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun