Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Rerasane si Bedhul

12 Maret 2017   09:54 Diperbarui: 12 Maret 2017   10:21 378
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

“Wah, yen babagan kuwi sampeyan mesthine luwih pana tinimbang aku. Ewadene ing babagan asal-usule bandha donyane, rasane awakmu luwih pana tinimbang aku.” 

“Hahahaha....... saupama bandha donyane Jabrig iku saka anggone tumindak culika ing dedagangan, apa maneh duwe lan ngingu pasugihan; mesthi wae saperangan saka rejeki sing dak tampa lan kanggo nguripi anak bojoku, kalebu bandha sing haram. Awakmu ngerti, saperangan pawitan kang diubengake Jabrig kanggo dedagangan iku saka aku. Aku percaya yen si Jabrig jujur ing sajrone dedagangan, lan yakin yen laku dagange bakal ana bathine senadyan ora gedhe. Saben sasine aku diwenehi bathi sing dadi bagehanku. Sawektu-wektu menawa perlu, aku kena nlesih lan mriksa lakune dedagangan. Kabeh cinathet kanthi becik lan tumata. ” 

“Weh.... jebul pawitane si jabrig iku saperangan saka awakmu, Mir?” 

“Bener, Dhul. Dagangane jabrig laris, akeh langganane; jalaran si jabrig ora golek bathi gedhe ing saben barang dagangane. Menawa dipetung eceran, bathine si jabrig ora mingsra, nanging jalaran saben dina pepayone akeh, sing sethithik-sethithik mau tibane dadi akeh, Kejaba iku, dagangan sing diadhep Jabrig dijaga kuwalitase, lan menawa ana barang sing cacat dipisahake saka barang sing apik. Yen bisa barang cacat iku dibalekake marang sing nyetori, ewadene ana sing gelem nuku, dituduhake ing endi cacate lan diregani luwih murah. Kanthi mengkono, langgane si jabrig minangka langganan sing setya.” 

“Geneya, si Arman sing lulusan pesantren duwe panyana ala marang si Jabrig? Kamangka ing Al Hujurat ayat 11 Allah paring dhawuh supaya ngedohi su’udzon. 

 يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اجْتَنِبُوا كَثِيرًا مِّنَ الظَّنِّ إِنَّ بَعْضَ الظَّنِّ إِثْمٌ ۖ وَلَا تَجَسَّسُوا وَلَا يَغْتَب بَّعْضُكُم بَعْضًا ۚ أَيُحِبُّ أَحَدُكُمْ أَن يَأْكُلَ لَحْمَ أَخِيهِ مَيْتًا فَكَرِهْتُمُوهُ ۚ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ رَّحِيمٌ 

 “Sing mangerteni alesane ya si Arman dhewe. Nanging satemene Allah Maha Pirsa ing samubarang lir, kalebu kang ana ing batine awake dhewe, kalebu batine Arman lan uga batine Jabrig. Nanging sejatine, menawa panyana iku ora ana buktine, kalebu fitnah sing abot sanggane. Saupama panyanane Arman mau ana benere, menawa diudhar-udhar marangsaben wong sing ditemoni, iku kalebu ghibah, kang diumpamaake mangan bathange sedulure sing wis mati.” 

“Terus apike aku kudu kepriye, Mir?” 

“Prayogane awake dhewe tetep jaga sesrawungan marang sapa wae, kalebu marang sing beda agama karo awake dhewe. Awake dhewe mung kudu darbe gegebengan, yen kanca mau ora ngajak marang tumindak syirik lan murtad, paseduluran kudu dijaga kanthi becik. Durung mesthi sing saiki katon ala merga agamane bueda utawa merga kurang taat nindakake agamane, ing tembe mburine tetep ala, nanging uga ora bisa minangka jaminan pawongan sing wektu iki alim lan katon resik, sinubya-subya, tembe burine tetap alim lan resik. Akeh wae kedadeyan, wong sing kawitanbe minangka panutan, jebul tundhone kewiyak alane, utawa ala ing pungkasane” 

“Matur nuwun, Mir. Muga-muga aku bisa nglakoni nasehatmu.”

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun