Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Rerasane si Bedhul

12 Maret 2017   09:54 Diperbarui: 12 Maret 2017   10:21 378
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Bedhul, kang lahir lan urip ing sawijining kulawarga Islam Abangan, pancen ora nate oleh pawulangan agma kang murwat saka wong tuwa lan kulawargane. Apa maneh kahanan tangga teparone prasasat ora beda karo kahanane kulawargane Bedhul. Saperangan gedhe warga ing dhusun kelahirane Bedhul bisa den arani Kaum Abangan, ing cathetan pamarentah kasebut agamane Islam, nanging ing panguripan saben dinane prasasat ora ana sing nindakake syari’ate agama Islam. Mula saka iku, Bedhul rumangsa menawa drajad Imane marang Pangeran lan ngelmune ing babagan agama pancen mung cethek lan cunthel. Ngelmune babagan agama mung kang ditemoni rikala sekolah, lan saka olehe kadhang kala teka ing majlis taklim. Bedhul ora nate mugen ngaji ngelmu agama ing pondhok pesantren utawa marang para Ulama lan Kyai sing buntas ing babagan agama. 

Dina iku Bedhul nngloggarake wektu sanja menyang omahe Amir, salah sijine kanca raket kang manut wawasane Bedhul duwe kawruh agama luwih apik, ing babagan ngelu lan uga ngamale. “Mir, aku nyuwun parayogamu kanthi ladhesan wawasan ngelmu agama lan amalane ngenani ngomongane Arman” 

“Lha omongan sing kepriye, Dhul?” 

“Ngene, Mir. Si Arman meling kanthi wanti-wanti marang aku, supaya aku ngedohi si Jabrig. Jalaran si Jabrig senadyan isih kancane dhewe, kepara isih sedulurku, nanging si Jabrig iku wong kafir. Manut si Arman, tindak-tanduke si Jabrig sing luwes lan semanak marang sapa wae kae satemene mung lamis lan duwe pamrih sing luwih mbebayani tumrap imane awake dhewe minangka wong Islam. Kanthi alus tanpa rumangsa, aku sing subluk samubarang ngelmu bakal dipiliut supaya melu marang agama lan keyakinane Jabrig. Si Arman uga ngandharake, menawa bandha donyane si Jabrig kabeh asale saka tumindak culika anggone dedagangan. Uga manut omongane Arman, si Jabrig iku jarene ngingu pasugihan sing saben tahun butuh tumbal.” 

“Oooo.... Marang aku, si Arman uga ngomong kaya ngono kuwi. Minangka priyayi sing duwe drajad ningrat, apa maneh si Arman kondhang minangka ustadz lulusan pesantren kang kawentar ing tlatah nuswantara, kepara tekan tlatah manca; Arman darbe perbawa ing saben omongane. Apa kang kawetu saka lesane, prasasat dadi dalil tumrape wong sakiwa tengene” 

“Lha iya. Aku sarujuk menawa si Arman pancen wis buntas ing babagan ngelmu agama. Nanging, ana sing aku kurang sreg. Ing agama Islam, Allah Kang Maha Kawasa paring dhawuh supaya tansah nyambung silaturahmi marang sapa wae waton ora ninggalake tuntunane agama. Allah, sesembahane dhewe ora ngalang-alangi kanggo srawung marang sapa wae, senadyan beda agama, beda keyakinan. Aku, Bedhul sing cubluk babagan ngelmu agama, ngrasa aneh marang welinge Arman sing buntas ngelmu agamane. Kajaba iku, sangertiku Allah uga ora ngeparengake ngala-ala wong liya, jalaran durung mesthi sing diala-ala iku luwih ala tinimbang sing ngala-ala. Apamaneh yen apa kang diomongake iku ora bener, kepara dadi fitnah merga duwe pamrih”

 “Lha, yen miturut penemumu, sangertimu, kepriye kassunyatane si Jabrig iku?” 

“Sangertiku lan sing dak rasa. Aku ora nate rumangsa yen si Jabrig duwe pamrih supaya aku melu agamane lan murtad saka agamaku. Wiwit aku srawung karo dheweke, saben lunga bebarengan, Jabrig ora nate ngalang-alangi aku kanggo nindakake kuwajiban agamaku limang wektu. Menawa wis keprungu kumandhange adzan, ing ngendi paran, Jabrig ngelingake aku supaya ora keri nindakake ngibadah kanthi jama’ah. Menawa nembe lelungan, yen pinuju Jabrig sing dadi sopire, mesthi banjur minggir ing sacedhake mesjid suapaya aku bisa nindakake sholat jama’ah. Menawa aku sing lagi dadi sopir, Jabrig mesthi ngelingake supaya leren.”

 “Sawalike kepriye tanggepmu marang Arman ing babagan pangibadahe’?” 

“Lha, neng kene iki sing aku dadi bingung. Saben-saben aku lelungan bareng karo si Arman, arang banget aku bisa nindakake sholat jama’ah ing wiwitan manjinge wektu sholat. Yen aku ngajak mandheg ing sawijine masjid sing wis ngumandhangake Adzan, ana wae alesane Arman kanggo nolak. Jare mesjide reged, jare imame ora fasih olehe maca ayat Qur’an, lan maneka warna alesan. Kamangka yen pinuju sholat dhuhur, apa awake dhewe bisa ngerteni fasih lan orane wacane si imam? Mbok menawa, jalaran si Arman lulusan pesantren, rumangsa yen dheweke ora patut yen sholat dadi makmum marang imam sing kaanggep ora fasih.” 

“Lha yen dheweke duwe rasa rumangsa sing kaya mengkono iku, apa ora kalebu sifat takabur?” 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun