Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Geger

6 Maret 2021   10:45 Diperbarui: 6 Maret 2021   10:49 655
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Medeni, Ji, jian wedi aku."

"Kapan iku, Lik, kejadiane?"

"Mau bengi, sik sore malah jare. Gurung onok jam songo."

"Lha sik rame brarti?"

"Yo rame, ning kae kan ancen jarang metu."

"Mosok gak onok sing krungu, mestine kan bengok-bengok jaluk tulung?"

"Jare yo awale ngunu, krungu lagi tukaran. Ning yo dinengno, lak podho wedi diarani nyampuri urusane uwong. Gak suwi kok jare onok suwara mbengok banter, sing wedok, trus mari ngunu anake nangis-nangis trus anteng."

"Lha brarti sing dipateni bojone dhisik trus anake?"

"Jare ngunu."

"Enggak. Anake dhisik, trus sing wedok ngerti langsung jerit-jerik trus dipateni sisan."

"Kok bedo-bedo?"

"Yo mbuh wong sik podho jarene. Sing jelas iku sing lanang mangkel mergo mari tukaran karo bojone trus embuh dipateni kabeh anak bojone."

"Stress gak onok kerjoan, jare sing lanang kan nganggur mergo pandemi iki tho."

Kampunge Wiji lagi rame. Tanggane, gang sebelah, ono geger, wong lanang mateni anak bojone. Kabare sing lanang stress mergo mari di-PHK, durung oleh kerjoan maneh. Nang omah sing wedok muring ae mergo ora ono sing dipangan. Wong lanang sing jarene meneng iku wis mumet ndase, ben dino tukaran karo bojone. Kabare anak bojone dithuthuk atek palu. Anake sik SD, umur pitung taun.

"Lapo awakmu iku?"

"Gak nyongko yo, Pak, kae lak wonge meneng. Kok iso tego karo anak bojone."

Diman lungguh. Wong lanang iku nyandak kopine.

"Sampeyan ojo ngunu, Pak. Lek mumet yo mancing-mancingo kono, ojo sampek koyok ngunu. Sakno anakmu, sakno aku."

"Woo...yo lek awake dhewe ki sing iso ngunu malah awakmu. Aku lemah lembut ngene mnben dino mbok aniaya kok. Jelas enggak lek aku."

"Dianiaya yok opo? Wong mbarang-mbarang dicepaki kok, aku lho gak tau sambat."

"Hehehe gak gak. Aku opo yo kuat nganu awakmu, gedi ngunu. Lagian aku yo sayang tho, eman-eman. Ayu ngene kok."

"Temenan sampeyan iki, Pak."

Diman nyruput kopine. Wiji sik nyawang. Wong wedok iku keweden mari krungu kabar kejadian nang cedek omahe.

"Gak. Urip ancen lagi angel, pokok sabar ae. Ditompo sak onoke dhisik. Penting sehat. Gak akeh ning dicukup-cukupno, dadi gak perlu geger. Pokok awakmu karo Tomin wareg, seneng, aku yo seneng."

Wiji mesem. Wong wedok iku dudu ora percoyo bojone. Ning ndeloki berita, opo maneh iki mari kedadean nang kampunge, garai wong wedok iku mikir.

"Wes, gek mangan. Ojo dipikir. Lek onok sing butuh, lek iso yo diewangi. Gak akeh gak popo, sak isone. Ngrungokno wong curhat yo iso. Kadang ngunu iku mergo gak kuat mikir dhewe, lek onok konco crito yo dirungokno sak isone. Asal gak kebablasen trus rasan-rasan."

"Enggak yo, aku mosok tau rasan-rasan. Paling mung ngrungokno hehehe."

"Anakmu nang ndi?"

"Nang omahe Emak. Dijak nang pasar iku mau."

"Yo wes, aku gek balik kerjo. Ojo nglamun ae. Mending turu kono."

"Turu opo, kate nggoreng krupuk kok."

"Ngge opo?"

"Iku ngewangi Lik Mah, kate onok gawe. Jare nyicil sik goreng-goreng krupuk."

"Yo wes. Aku budal. Love you," omonge Diman karo lambene maju-maju.

"Gah. Budal kono."

"Awas lek ngko bengi nggoleki."

"Gak. Wes, gek budal kono kok," omonge Wiji karo nyurung bojone kon ndang budal kerjo maneh. Diman mung ngguya-ngguyu.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun