Diman nyruput kopine. Wiji sik nyawang. Wong wedok iku keweden mari krungu kabar kejadian nang cedek omahe.
"Gak. Urip ancen lagi angel, pokok sabar ae. Ditompo sak onoke dhisik. Penting sehat. Gak akeh ning dicukup-cukupno, dadi gak perlu geger. Pokok awakmu karo Tomin wareg, seneng, aku yo seneng."
Wiji mesem. Wong wedok iku dudu ora percoyo bojone. Ning ndeloki berita, opo maneh iki mari kedadean nang kampunge, garai wong wedok iku mikir.
"Wes, gek mangan. Ojo dipikir. Lek onok sing butuh, lek iso yo diewangi. Gak akeh gak popo, sak isone. Ngrungokno wong curhat yo iso. Kadang ngunu iku mergo gak kuat mikir dhewe, lek onok konco crito yo dirungokno sak isone. Asal gak kebablasen trus rasan-rasan."
"Enggak yo, aku mosok tau rasan-rasan. Paling mung ngrungokno hehehe."
"Anakmu nang ndi?"
"Nang omahe Emak. Dijak nang pasar iku mau."
"Yo wes, aku gek balik kerjo. Ojo nglamun ae. Mending turu kono."
"Turu opo, kate nggoreng krupuk kok."
"Ngge opo?"
"Iku ngewangi Lik Mah, kate onok gawe. Jare nyicil sik goreng-goreng krupuk."