"Yo mbuh wong sik podho jarene. Sing jelas iku sing lanang mangkel mergo mari tukaran karo bojone trus embuh dipateni kabeh anak bojone."
"Stress gak onok kerjoan, jare sing lanang kan nganggur mergo pandemi iki tho."
Kampunge Wiji lagi rame. Tanggane, gang sebelah, ono geger, wong lanang mateni anak bojone. Kabare sing lanang stress mergo mari di-PHK, durung oleh kerjoan maneh. Nang omah sing wedok muring ae mergo ora ono sing dipangan. Wong lanang sing jarene meneng iku wis mumet ndase, ben dino tukaran karo bojone. Kabare anak bojone dithuthuk atek palu. Anake sik SD, umur pitung taun.
"Lapo awakmu iku?"
"Gak nyongko yo, Pak, kae lak wonge meneng. Kok iso tego karo anak bojone."
Diman lungguh. Wong lanang iku nyandak kopine.
"Sampeyan ojo ngunu, Pak. Lek mumet yo mancing-mancingo kono, ojo sampek koyok ngunu. Sakno anakmu, sakno aku."
"Woo...yo lek awake dhewe ki sing iso ngunu malah awakmu. Aku lemah lembut ngene mnben dino mbok aniaya kok. Jelas enggak lek aku."
"Dianiaya yok opo? Wong mbarang-mbarang dicepaki kok, aku lho gak tau sambat."
"Hehehe gak gak. Aku opo yo kuat nganu awakmu, gedi ngunu. Lagian aku yo sayang tho, eman-eman. Ayu ngene kok."
"Temenan sampeyan iki, Pak."